3. • Karangan cekak kang awujud prosa.
Biasane isine kurang saka 1000
tembung kang menehi kesan tunggal
kang dominan lan musatake crita
ana ing salah sawijining tokoh.
4. • Struktur cerkak kabentuk saka unsur – unsur ing ngisor:
1. Tema :
Inti utawa ide dhasare crita.
2. Alur/Plot :
bagian saka unsur intrinsik karya sastra. Alur iku wujud pola
pengembangan kang kabentuk saka hubungan sebab-akibat.
Lakon crita kaperang dadi bagian – bagian :
a. Pengenalan bab situasi utawa kahanan crita (eksposition):
pangarang nepungake (ngenalake) para tokoh, nata adegan lan
hubungan tokkoh – tokohe.
b. Panjlentrehan kadadeyan (complication):
kadadeyan wiwitan kang dadi sumbering masalah kanggo para
tokohe.
5. c. Nuju ana ing konflik (rising action):
masalahe kang dilakoni tokohe saya tambah.
d. Puncak utawa pucuk ing konflik (turning point):
Ana ing bab iki nasibe para tokoh ditentukake (kasil apa orane
ngadepi masalah)
e. Rerampungan (ending)
nasib – nasib kang dialami para tokohe wes cetha utawa uga bisa
di arani rampung.
3. Latar
Papan panggonan, hubungan wektu lan lingkungan sosiale saka
kedadeyan – kedadeyan kang dicritake ana ing crita.
• Latar panggonan
• Latar wektu
• Latar kahanan (suasana)
6. 4. Penokohan :
Carane pengarang nggambarake lan jlentrehake karakter
tokoh – tokoh ana ing crita.
Teknik nggambarake tokoh :
a. Teknik analik
b. Teknik dramatik
5. Sudut Pandang (Point Of View):
Posisine pengarang nalika nyeritakake crita.
posisi pengarang :
a. Dadi wong kapisan (orang pertama)
b. Dadi wong ketelu (orang ketiga)
7. 6. Amanat :
Ajaran moral/pesn didaktis kang bakal disampekake utawa
dijlentrehake pengarang marang wong kang maca, supaya
bisa nemokake amanat iana ing crita, kita kudu rampung
maca crita ora kena mung separo – separo utawa
nanggung.
7. Gaya Bahasa :
Basa ana ing crita handuweni fungsi utawa kagunan
kanggo nyiptakake nada utawa kahanan persuasif uga
ngrumusake dialog kang bisa ngetokake hubungan lan
intereksi tokoh siji lan sijjine.
8. NYERITAKAKE PENGALAMAN
Saben manungsa (wong) mesti nduweni pengalaman
kang ora gampang dilalekake utawa kang narik
kawigaten ana ing uripe. Pengalaman iku ana kang
nyenengake, gawe sedih, lucu utawa malah ngayelake.
Dening wong Jawa, pengalaman didadekake guru
utawa tuladhan kang wicaksana.
Pengalaman biasane dicritakake nganggo tembung
pilihan kang trep lan ukara kang bisa narik kawigaten.
Kajaba saka iku, pengalaman kudu bisa dicritakake
kanthi urut (runtut) lan cetha. Tujuane, wong liya kang
ngrungokake bisa melu bayangake kedadeyan kang wis
kelakon ana ing crita mau.
9. Nyeritakake pengalaman kudu nduweni unsur – unsur
kaya:
1. Pengalaman apa kang bakal dicritakake
2. Wektu kedadeyan pengalaman iku
3. Papan panggonan kedadeyan pengalaman iku
4. Wong – wong kang melu andil ana ing pengalaman
5. Sebab – sebab pengalaman iku kedadeyan
6. Kepriye pengalaman iku kedadeyan
10. Kabisan maca rikat iku bisa dianggo keperluan apa wae.
Maca cepet tegese maca wektu sing ditemtokake tur ana
ilmu kang lumebu ana pikiran.
Paedahe maca rikat :
1. Ngirit wektu
2. Nyiptakake efisiensi
3. Ndhuweni nilai nyenengake
4. Ngambakake cakrawala mental
5. Mbiyantu wicara kanthi efektif
6. Mbiyantu ngadhepi ujian/tes
7. Mbiyantu ningkatake pemahaman
8. Njamin ora ketinggalan zaman
11. NULIS WACANA
(NARASI LAN DESKRIPSI)
Narasi:
wacana kang mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan
kaya – kaya wong kang maca nyekseni dhewe utawa ngalami
dhewe prastawa mau.
Ekspositoris:
wacana kang mung menehi ketrangan apa anane
lan duweni tujuan kang podo karo eksposisi yaiku
njambarake pangertene pawongan.
Sugestif :
wacana kang ngracik kanthi runtut nganti bisa
nggugah pengangen – angene wong kang moco.
Narasi
12. perbedaan
Narasi Ekspositoris Narasi Sugestif
Njembarake wawasa/pangerten Mbeberake makna kang sinandi
Mbeberake katrangan bab prasawa Nguripake pengangen – angen/imajinatif
Adhedhasar nalar supaya padha sarujuk Nalar mung kanggo nggayuh surasa (makna),
yen perlu dilirwakake
Basa informatig, tembunge denotatif Basa figuratif, tembunge konotatif
13. Deskripsi :
wacana kang nggambarake kanthi catha
sawijining kahanan (objek).
Menurut KBBI:
pemaparan atau penggambaran nganggo
kata – kata secara jelas lan rinci.