4. PANGERTENE TEMBANG GAMBUH
Gambuh iku tambuh, embuh, gambuh, jumbuh lan
tembung kang awanda mbuh. Tegese Lanteh. Anggitane nata
praja. Kacarita mula bukane tembang iki lelagon gandarwa
(raseksa) ing jaman Mataram. digunakake kanggo menehi
ngelmu kang kukuh bakuh (tegas/galak).
6. PAUGERANE TEMBANG GAMBUH
Guru wilangan : Cacahe wanda (suku kata) saben gatra.
7, 10, 12, 8, 8
Guru lagu : Tibane swara wanda pungkasan ing saben
gatra.
u, u, i, u, o
Guru gatra: Cacahe larik/gatra saben pada (bait).
5
7. MAKNANE TEMBANG GAMBUH
Gambuh iku saka tembung jumbuh / sarujuk kang
ateges yèn wis jumbuh / sarujuk banjur digathukaké antarane
priya lan wanita sing pada dhuwèni rasa tresna wau, ing
pangangkah supaya bisa urip bebrayan lan isa njumbuhake
kabutuhan lair lan batin, kulawarga, masyaratkat,pribadi, lan
Gusti Allah.
9. TEKS ASLI LAN TERJEMAHAN TEMBANG GAMBUH
Pada 13
Mring jatining pandulu,
panduk ing ndon dedalan satuhu,
lamun lugu legutaning reh maligi,
lageane tumalawung,
wenganing alam kinaot.
Alam penglihatan yang sejati,
Menggapai sasaran dengan tata
cara yang benar.
Biarpun sederhana tatalakunya
dibutuhkan konsentrasi
Sampai terbiasa mendengar suara
sayup-sayup dalam keheningan
Itulah,
terbukanya “alam lain”
10. GANCARAN LAN PITUTUR LUHUR TEMBANG GAMBUH
Gancaran :
Ingkang tumuju paningalan kang sejatos, remen ing penggalih supados
saget nggayuh tujuan kang nyata. Namung biasa nanging kedhah
ditindakake kanthi tenanan miturut tata caranipun. Ngantos sampun biasa
midhangetaken suara sayup-sayup wonten suasana ingkang sepen
menika kabuka alam sanes. Bakal kabuka alam ingkang sae.
Pitutur :
Alam ingkang sae bakal kagayuh kanthi cara ingkang leres lan ninggali
aturan kang becik.
Ngupadi gegayuhan supados kaleksanan mboten pareng dianggep
enteng, nanging kedhah tenanan lan manut aturan.
11. TEKS ASLI LAN TERJEMAHAN TEMBANG GAMBUH
Pada 14
Yen wus kambah kadyeku,
sarat sareh saniskareng laku,
kalakone saka eneng, ening, eling,
Ilanging rasa tumlawung,
kono adile Hyang Manon.
Bila telah mencapai seperti itu,
Saratnya sabar segala tingkah laku.
Berhasilnya dengan cara membangun
kesadaran, mengheningkan cipta,
pusatkan fikiran kepada Tuhan.
Dengan hilangnya rasa sayup-sayup,
Di situlah keadilan Tuhan terjadi.
(jiwa memasuki alam gaib rahasia
Tuhan)
12. GANCARAN LAN PITUTUR LUHUR TEMBANG GAMBUH
Gancaran :
Menawi sampun mangertos mekaten, dipunlajengaken kedhah saget
tumindak miturut syarat penghayatan anggenipun tumindak, yaitu sabar,
tenang, lan sadar. Bebarengan kaliyan icalipun raos, inggih menika bakal
pikantuk keadilan saking Gusti Allah ingkang maha kuwaos.
Pitutur :
Sak liyane ngupadi kanthi miturut tata caranipun, wong urip kedhah
sabar, tenang, lan sadar
13. TEKS ASLI LAN TERJEMAHAN TEMBANG GAMBUH
Pada 15
Gagare ngunggar kayun,
tan kayungyun mring ayuning
kayun,
bangsa anggit yen ginigit nora dadi,
Marma den awas den emut,
mring pamurunging lelakon.
Gugurnya jika menuruti kemauan
jasad (nafsu)
Tidak suka dengan indahnya
kehendak rasa sejati,
Jika merasakan keinginan yang
tidak-tidak akan gagal.
Maka awas dan ingat lah
dengan yang membuat gagal tujuan
14. GANCARAN LAN PITUTUR LUHUR TEMBANG GAMBUH
Gancaran :
Bakal gugur/gagal menawi nuruti gegayuhan manah, lan mboten pangen
gegayuhanipun kasembadan. Jinising gagasan menawi terus
dipunlaksana bakal gagal, kanthi mekaten kedhah waspada lan sadar hal
ingkang saget damel gugur ing laku.
Pitutur :
Manungsa kedhah ngendhaleni hawa nepsu lan eling babagan kang
saget ngalangi kasembadan supados mboten gugur (gagal)
15. TEKS ASLI LAN TERJEMAHAN TEMBANG GAMBUH
Pada 16
Samengko kang tinutur,
sembah katri kang sayekti katur,
mring Hyang Sukma sukmanen
sehari-hari,
arahen dipun kecakup,
sembah ing Jiwa sutengong.
Nanti yang diajarkan
Sembah ketiga yang
sebenarnya diperuntukkan
kepada Hyang sukma
(jiwa).Hayatilah dalam kehidupan
sehari-hari
Usahakan agar mencapai
sembah jiwa ini anakku !
16. GANCARAN LAN PITUTUR LUHUR TEMBANG GAMBUH
Gancaran :
Mangke ingkang badhe kaucap inggih menika sembahyang kaping tiga
ingkang mesti dipunlaksanakaken ing ngarsanipun gusti Allah ingkang
maha kuwaos kanthi khusyuk sak mben dinten. Sembahyang wonten ing
manah bakal kecakup marang kabecikan
Pitutur :
Manungsa kedhah sembahyang dhumateng gusti Allah kanthi khusyuk
lan dzikir supados pikantuk kabecikan lan kasembadan.
17. TEKS ASLI LAN TERJEMAHAN TEMBANG GAMBUH
Pada 17
Sayekti luwih prelu,
ingaranan pepuntoning laku,
kalakuan kang tumrap bangsaning
batin,
sucine lan Awas Emut,
mring alame alam amot.
Sungguh lebih penting,
Yang disebut sebagai ujung jalan
spiritual,
Tingkah laku olah batin,
yakni menjaga kesucian dengan
awas dan selalu ingat
akan alam nan abadi kelak.
18. GANCARAN LAN PITUTUR LUHUR TEMBANG GAMBUH
Gancaran :
Penting sanget perlu dimangertos, kangge amalan ingkang pungkasan
yaiku tumindak ingkang kinait kaliyan olah batin, supados kasucian tetep
dipun jaga lan tansah eling marang alam baka
Pitutur :
Manungsa anggenipun tumindak kedhah njaga kesucian batin lan
tansah eling marang akherat.
19. TEKS ASLI LAN TERJEMAHAN TEMBANG GAMBUH
Pada 18
Ruktine ngangkah ngukut,
ngiket ngrukut triloka kakukut,
jagad agung gimulung lan jagad
cilik,
Den kandel kumandel kulup,
mring kelaping alam kono.
Cara menjaganya dengan
menguasai, mengambil,
mengikat, merangkul erat tiga jagad
yang dikuasai.
Jagad besar tergulung oleh jagad
kecil,
Pertebal keyakinanmu anakku !
Akan kilaunya alam tersebut.
20. GANCARAN LAN PITUTUR LUHUR TEMBANG GAMBUH
Gancaran :
Ngruktinipun kanthi cara nguasai, ngiket, ngrangkul tiga jagad kang
dikuasai. Jagad ageng gimulung jagad alit. Kapiyatan kedhah dikandeli.
Kedhah eling marang kelaping alam/jagad kasebut.
Pitutur :
Anggenipun njaga kasucian batin inggih menika kanthi cara ngukut,
ngiket, lan ngrukut jagad kang dikuasai.
Manungsa kedhah ngandeli kapiyatan lan eling marang kelaping
alam/jagad.