3. 1. Masuh epek-epekipun kalih ngantos
dumugi ugel-ugel, sinarengan maos
“Bismillaahirrahmaanirrahiim” lan niat
badhe wudhu karana Allah wonten
salebetipun manah.
4. 2. Kemu sarta serot toya saking
epek-epek mawi grana lajeng
dipun semburaken malih, 3X.
5. 3. Masuh rai (raup) 3X, kanthi dipun
gosok lan dipun usap sipitipun
(pucuk tlapukan) lan dipun
langkungaken anggenipun
masuh, lan dipun sela-selani
jenggotipun
6. 4. Masuh asta kaping tiga, ngantos
dumugi sikut dipun gosok, lan
dipun sela-selani drijinipun sarta
dipun langkungaken
masuhipun, saking asta ingkang
tengen lajeng ingkang kiwa.
7. 5. Ngusap sirah mawi epek-epek saking
ngajeng ( ubun-ubun) dhateng wingking
ngantos githok, wangsul malih dhateng
ngajeng, lajeng ngusap talingan kanthi
cara jempol wonten jawi talingan lan driji
tuding wonten nglebet talingan dipun
lampahaken saking ngandhap
manginggil, cekap kaping setunggal.
8. 6. Masuh suku kalih kaping
tiga, dipun wiwiti saking
suku ingkang tengen
lajeng ingkang
kiwa, ngantos
sanginggilipun kemiri
kanthi dipun gosok resik
lan dipun resiki sasela-
selanipun driji suku.
Ngatos-atos, ampun
ngantos kesupen masuh
lan ngresiki tungkak.
9. 7. Sasampunipun wudlu
katindakaken kanthi
tumata, urut wiwitan ngantos
pungkasan, lajeng maos
donga :
10. Asyhadu allaa ilaaha illallahu wahdahu
laa syariikalah. Wa asyhadu anna
muhammadan ‘abduhu warasuuluh.
“Kula nyekseni bilih boten wonten
sesembahan kajawi Allah ingkang boten
wonten sekuthon (nandhingi
Panjenenganipun). Lan kula nyekseni bilih
Nabi Muhammad punika kawula lan
utusanipun Allah”.