SlideShare uma empresa Scribd logo
1 de 12
Baixar para ler offline
22
KEGIATAN BELAJAR 2
NGOKO ALUS
PENDAHULUAN
A. DESKRIPSI SINGKAT
Unggah-ungguh basa mligine ragam ngoko dipantha dadi loro yaiku ragam
ngoko lan ngoko alus. Ragam ngoko dumadi saka leksikon ngoko. Unsur inti ing
ragam ngoko awujut leksikon ngoko, ora kena nganggo leksikon liyane kalebu
wuwuhan kang dinggo. Ragam ngoko alus basane ngoko dicampuri krama inggil.
Basa krama inggil kang digunakake kanggo atur pakurmatan marang mitra wicara.
Ragam ngoko alus nggambarake sasambungan sing raket ananging alus lan ngajeni
banget marang wong sing diajak omong-omongan. Kahanan kaya mengkono mau
amarga leksikon ragam ngoko alus dicampuri karo leksikon krama inggil.
B. PETUNJUK BELAJAR
1. Wacanen dhaftar isi, pambuka, uga materi ana ing modul iki kanthi tliti !
2. Maspadakna prentah lan trap-trapane anggone sinau modul kasebut supaya
luwih gampang mangerteni isine !
3. Pahamana saben materi, banjur garapen pitakonan-pitakonan ana ing tes
formatif.
4. KKM saora-orane 80%.
5. Catheten menawa ana materi sing angel banjur bisa wawan rembug karo
guru.
6. Catheten manawa panjenengan manggihi materi sing durung dimangerteni
manawa prelu konsultasi marang para guru/pembimbing.
7. Waosen referensi saliyane sing gayut karo materi modul kasebut supaya
ngelmu.
23
INTI
A. CAPAIAN PEMBELAJARAN
Menganalisis prinsip materi keterampilan berbahasa lisan dan tulis dan
aplikasinya dalam pembelajaran bahasa Jawa.
B. POKOK-POKOK MATERI
1. Tegese Ngoko Alus
2. Titikane Ngoko Alus
3. Tetembungan Ngoko Alus
4. Paugeran Wujud Ngoko Lugu-Ngoko Alus
5. Proses Owahe Wujud Ngoko Lugu-Ngoko Alus
6. Paugeran pamilihing unggah-ungguh basa ngoko alus
7. Tuladha pacelathon basa ngoko alus
8. Pandhapuking tembung-tembung krama inggil camboran ing basa ngoko alus
C. URAIAN MATERI
1. Tegese Ngoko Alus
Ngoko alus yaiku unggah-ungguh basa kang ngemot leksikon ngoko,
leksikon netral, lan leksikon krama. Leksikon krama digunakake kanggo atur
pakurmatan marang mitra wicara. Padatan leksikon krama sing digunakake
awujud tembung aran, tembung kriya, lan tembung sesulih. Manawa ana
leksikon krama andhap, padatan awujud tembung kriya utawa tembung aran
(Sasangka, 2007). Miturut Harjawijana & Supriya (2009: 51) basa ngoko alus
saged mbangun swasana kang endah lan elok. Uwong sing nggunakake basa
ngoko alus anggone omongan karo uwong sing duwe status luwih asor,
tetembungan dhasare awujud ngoko antuk tambahan leksikon krama utawa
krama inggil supaya tuwuh rasa sing rumaket. Dadi ora ana let (jarak) tumrap
uwong sing diajak micara. Sejene kuwi, leksikon krama lan krama inggil sing
kacampur bisa nuwuhake rasa urmat. Panganggone basa ngoko alus yaiku
kanggo guneman :
a. Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur derajate
b. Bojone priyayi marang sing lanang
c. Priyayi marang priyayi sing wis kulina
Tuladha :
Wis seminggu iki simbah gerah ana rumah sakit . Nalika aku sowan
minggu kepungkur simbah dhawah ana pawon. Aku bingung kudu piye. Pak
24
Ari tangga mburi omah paring pitulungan. Simbah didherekake menyang rumah
sakit. Wingi bapak tindak menyang Jogja saperlu nuweni simbah. Esuk mau
bapak kondur ngasta oleh- oleh. Aku seneng banget amarga diparingi oleh-oleh
kaos. Bapak ora mung ngasta oleh-oleh kanggo aku ananging uga Ibu. Ibu uga
remen. Aku didhawuhi bapak sowan Bu Ratmi tangga sebelah saperlu ngaturi
oleh-oleh. Ngendikane bapak wingi bengi simbah wis kondur saka rumah sakit.
Tembung-tembung kang kacethak miring (italic) awujud tembung karma
kanggo atur pakurmatan .
2. Titikane Ngoko Alus
Ngoko alus dumadi saka leksikon ngoko/netral + leksikon krama/krama
inggil. Titikane ngoko alus yaiku :
a. Tetembungan kang gayutan karo wong sing diajak guneman utawa wong
liya sing dirembug nggunakake krama inggil.
Tuladha :
Aku seneng banget diparingi Bapak sangu.
Saben esuk sawise aku mangkat sekolah, ibu tindak menyang pasar.
b. Tetembungan sing kanggo awake dhewe nggunakake ngoko lugu utawa
krama andhap.
Tuladha :
Mangga menawi badhe dhahar, kula sampun neda.
c. Tembung sing diowahi krama inggil mung tembung linggane.
Aku sowan Bu Rini saperlu ngaturake oleh-oleh.
d. Leksikon krama inggil awujud tembung aran, tembung kriya, lan
tembung sesulih.
Apa panjenenengan wis pirsa yen Bu Parti seda wingi sore?
e. Wuwuhan awujud ater-ater (afiks), seselan (infiks), lan panambang
(konfiks) tetep ngoko.
Tuladaha :
Aku diparingi oleh-oleh kaos.
Ibu diaturi dhahar ora kersa.
3. Tetembungan Ngoko Alus
Tetembungan sing padatane ana ing ragam ngoko alus yaiku dhasare ngoko
utawa leksikon netral, krama, lan krama inggil. Tembung sing kanggo awake
dhewe nggunakake ngoko utawa leksikon netral. Manawa kanggo mitra wicara
utawa ngrembug wong liya lumrahe nganggo krama lan krama inggil. Kang
diowahi dadi ngoko alus mung tembung linggane; leksikon krama inggil
25
awujud tembung aran, tembung kriya, lan tembung sesulih; wuwuhan awujud
ater-ater (afiks), seselan (infiks), lan panambang (konfiks) tetep ngoko.
Tabel. Tuladha tembung Ngoko sing duwe Krama, lan Krama inggil. (lumantar
Subroto, dkk, 2008: 131-136)
No Ngoko Krama Krama Inggil Arti
1 akon aken dhawuh menyuruh
2 aku kula ingsung/adalem aku/saya
3 adhep sowan marak menghadap
4 anggo angge agem pakai
5 anom/enom anem/enem timur muda
6 apa menapa punapa apa
7 aran/jeneng nama asma nama
8 arep ajeng/badhe kersa akan/mau/ingin/
berkehendak
9 aten-aten memanahan penggalihan perasaan hati
10 ati manah penggalih hati
11 awak badan salira badan
12 ayo manga suwawi ayo/mari
13
batur/mbatur
rencang/
ngrencang
abdi/ ngabdi/
suwita
abdi/ pembantu/
mengabdi
14 bayi/bayen gadhah lare babaran bayi/ bersalin
15 bebed/
jarit/
sinjang nyamping kain panjang
4. Paugeran Owahe Wujud Ngoko Lugu-Ngoko Alus
a. Kabeh tembung sesulih P2 lan utawa P3 sing awujud ngoko diowahi dadi
krama utawa krama inggil.
Kowe panjenengan - panjenenganipun
b. Kabeh tembung kriya sing kanggo wong liya awujud ngoko diowahi dadi
krama inggil. Aku ngombe es teh dene ibu ngunjuk jeruk panas.
c. Tembung kriya sing kanggo awake dhewe diowahi dadi krama andhap.
Panjenengan lenggah wae aku tak sing lungguh dhingklik.
Yen panjenengan ora tindak aku arep sowan.
d. Kabeh tembung aran sing gayut karo pandarbe P2 sing awujud ngoko bisa
diowahi dadi krama utawa krama inggil.
26
e. Tembung-tembung ngoko sing kanggo kewan, wit-witan, lan barang
sanajan ana tembung krama inggil tetep nggunakake tembung ngoko.
Tuladha:
Kucingmu durung diadusi --- Kucing panjenengan durung diadusi.
Lampu kamare Bapak mati --- Lampu kamaripun Bapak mati.
f. Ora tau migunakake tembung krama, namung krama inggil utawa tembung
ngoko sing ora ana krama inggile.
Tuladha:
Kowe dak-kon maca geguritan -- Panjenengan dakaturi maos geguritan.
g. Ater-ater dak- bisa dadi rong werna, awujud dak- lan adalem. Ater-ater
dak- manawa kanggo micara karo wong sing nduweni sesambungan raket
utawa tatarane luwih asor. Diowahi dadi adalem manawa kanggo micara
marang uwong sing akrab ning tatarane langsung inggil.
Tuladha:
Dhik, dak-kon nginep ya? Dhik, dakaturi nyipeng ya?
h. Ater-ater kok- diowahi krama inggil (panjenengan).
Tuladha:
kokpangan --- panjenengan dhahar
i. Ater-ater di- ora diowahi krama (dipun-), tetep ditulis di- .
Tuladha:
dituroni disareni
j. Panambang e ora diowahi dadi krama (-ipun) ananging tetep e.
Tuladha: klambine --- rasukane
Ana ing padinan padatan diowahi nganggo tembung ingkang (ingkeng--
keng). Tuladha:
anake --- ingkang-putra
k. Panambang mu, diowahi krama inggil (panjenengan).
Tuladha:
Rambutmu - rikma panjenengan
Ana ing padinan padatan diowahi nganggo tembung ingkang (ingkeng--
keng). Tuladha:
anake --- putra-panjenengan (ingkang-putra)
adhine --- rayi-panjenengan (ingkang-rayi)
kakange --- raka-panjenengan (ingkang-raka)
l. Panambang ku ana rong werna yaiku awujud ku lan adalem. Panambang
ku manawa kanggo micara karo wong sing nduweni sesambungan raket
27
utawa tatarane luwih asor. Diowahi dadi adalem manawa kanggo micara
marang uwong sing akrab ning tatarane luwih dhuwur.
Tuladha:
Adhimu nginep ing omahku. Ingkang rayi nyipeng ing omahku.
Budhe wis mangkat menyang omahku. Budhe sampun tindak
dhateng omah-adalem.
m. Camboran di-ake ora diowahi krama
Tuladha: ditukokake dipundhutake
Ibu dipundhutake bapak jarik batik.
n. Camboran kok-ake, ater-ater kok- diowahi krama inggil (panjenengan),
panambang ake ora diowahi krama, tetep awujud ake.
Tuladha:
Kokomongake --- panjenengan-sanjangake
Nyuwun tulung panjenengan sanjangke menawa aku wis sowan.
o. Camboran dak-ne ana rong werna yaiku awujud dak-ne lan adalem.
Camboran dak-ne manawa kanggo micara karo wong sing nduweni
sesambungan raket utawa statuse luwih asor. Diowahi dadi adalem
manawa kanggo micara marang uwong sing akrab ning tatarane luwih
dhuwur.
Tuladha:
Kakangmu daktukokne sate. Ingkang raka dakpundhutne sate.
p. Camboran dak-ane ana rong werna yaiku awujud dak-ne lan adalem.
Camboran dak-ane manawa kanggo micara karo wong sing nduweni
sesambungan raket utawa statuse luwih asor. Diowahi dadi adalem
manawa kanggo micara marang uwong sing akrab ning tatarane luwih
dhuwur.
Tuladha:
Klambimu dakkethokane. Rasukan panjenengan dakkethokane.
5. Proses Owahe Wujud Ngoko Lugu-Ngoko Alus
Kanggo ngrombak ngoko lugu dadi ngoko alus, perangan-perangan ukarane
bisa diowahi nggunakake tetembungan krama lan krama inggil. Supaya luwih
gamblang dakaturi maspadakake tuladha ing ngisor iki.
a. Jenange dipangan Mas Bima. (ngoko lugu)
Jenange didhahar Mas Bima. (ngoko alus)
b. Sing arep adus sapa dhisik? (ngoko lugu) Sing arep siram sapa dhisik?
(ngoko alus)
28
c. Mbak Rina teka wiwit esuk mau. (ngoko lugu) Mbak Rina rawuh wiwit
esuk mau. (ngoko alus)
Tuladha ukara-ukara ing dhuwur kuwi mau saka ngoko lugu diowahi dadi ngoko
alus. Tembung-tembung sing diowahi yaiku tembung kriya ngoko diowahi dadi
tembung kriya krama inggil. Tembung kriya sing kanggo awake dhewe diowahi
dadi krama, manawa kanggo wong liya diowahi dadi krama inggil. Tembung
sesulih ngoko lugu diowahi dadi tembung sesulih krama.
6. Paugeran Pamilihing Unggah-Ungguh Basa Ngoko Alus
a. Kanggo micara marang uwong sing statuse padha, ananging kanthi rasa
urmat.
b. Kanggo micara marang uwong sing statuse luwih dhuwur, ananging
nduweni sesambungan sing rumaket.
c. Kanggo micara marang uwong sing statuse saperangan luwih dhuwur,
ananging saperangan luwih asor.
d. Kanggo ngrasani utawa ngomongake liyane sing statuse luwih dhuwur.
7. Tuladha Panganggone Basa Ngoko Alus
a. Micara Marang Uwong sing Statuse Padha
Pak Narya lan Bu Dian minangka kanca kantor sing srawunge rumaket
ananging kanggo atur pakurmatan siji lan sijine nggunakake basa ngoko
alus
Pak Narya karo Bu Dian kanca sekantor, sawise rampung anggone
makarya arep padha mulih, padha takon-takonan dhisik.
Pak Narya
Bu Dian
Pak Narya
Bu Dian
Pak Narya
Bu Dian
Pak Narya
:
:
:
:
:
:
-
b. Micara Marang Uwong sing Statuse Luwih Dhuwur ananging
Sesambungane Raket Banget
Sugeng micara marang Bapake. Sugeng nggunakake basa ngoko alus,
dene Bapak ngoko lugu.
29
Sugeng
Bapak
Sugeng
Bapak
Sugeng
Bapak
Sugeng
Bapak
Sugeng
Bapak
Sugeng
:
:
:
:
:
:
:
:
:
:
dicampuri kuningan ndhog pitik telung dina
aja
c. Micara Marang Uwong sing Statuse Saperangan Luwih Dhuwur, ananging
Saperangan Meneh Luwih Asor
Lik Bambang micara karo Arsenio, sanadyan ponakane luwih enom
ananging ana ing kantor Arsenio kuwi minangka pimpinan.
Lik Bambang
Arsenio
Lik Bambang
Arsenio
Lik Bambang
Arsenio
Lik Bambang
Arsenio
:
:
:
:
:
:
:
:
lhamdulillah sae Lik. Boten kok Lik namung
Santosa
vertigo
d. Ngrasani utawa Ngomongake Liyan sing Statuse Luwih Dhuwur
Ani karo Tutik lagi ngomongake Ibune sing dinas menyang luar kota.
Ani : -kira Ibu kon
30
Tutik
Ani
Tutik
Ani
:
:
:
:
-
-oleh
supaya luwih cetha, dakaturi mirsani tuladha pacelathon lan tuladha tetembungan ing
basa ngoko alus ana ing URL iki:
hhttttppss::////yyoouuttuu..bbee//11eeooIIKKrrSSaaEEiiYY ccoonnttoohh iibbuu&& aannaakk
hhttttppss::////yyoouuttuu..bbee//ss99ppttEEYYjj__RROOQQ kkoossaakkaattaa nnggookkoo--kkrraammaa
hhttttppss::////yyoouuttuu..bbee//hhnnbbZZaa--nn22XXNN88 kkoossaakkaattaa nnggookkoo--kkrraammaa
hhttttppss::////yyoouuttuu..bbee//IIssOOZZIIddll88rr__kk kkoossaakkaattaa nnggookkoo--kkrraammaa
PPaannddhhaappuukkiinngg TTeemmbbuunngg--TTeemmbbuunngg KKrraammaa IInnggggiill CCaammbboorraann IInngg BBaassaa
NNggookkoo AAlluuss
TTaabbeell 33.. PPaannddhhaappuukkiinngg TTeemmbbuunngg--TTeemmbbuunngg KKrraammaa IInnggggiill CCaammbboorraann iinngg BBaassaa
NNggookkoo AAlluuss ((lluummaannttaarr HHaarrjjaawwiijjaannaa && SSuupprriiyyaa,, 22000099:: 6644--6699))
Rimbag Tembung
Lingga
Tembung
Andhahan
Tembung Ngoko/
Katrangan
a: N-
a: kok-
a: kok
a: kok
suwun ngampil
pundhut ngampil
suwun priksa
pundhut priksa
suwun ngampil
pundhut ngampil
paring priksa
nyuwun ngampil
mundhut ngampil
nyuwun priksa
mundhut priksa
panjenengan-suwun
ngampil
panjenengan-
pundhut ngampil
panjenengan-paring
priksa
mi nyilih
ma nyilih
mi takon
ma takon
mi- silihen
ma
mi- silihen
ma
mi- kandhaa/aweha ma
weruh
31
c: kok-N
c: kok-N
c: kok-N
c: kok-N
suwun ngampil
pundhut ngampil
suwun priksa
pundhut priksa
panjenengan-nyuwun
ngampil
panjenengan-
mundhut ngampil
panjenengan
nyuwun priksa
panjenengan-
mundhut priksa
mi- nyiliha
mi
mi- nyiliha
ma
mi- takona
mi
mi- takona
ma
KKaattrraannggaann cceekkaakkaann--cceekkaakkaann iinngg TTaabbeell::
aa:: aatteerr--aatteerr ((pprreeffiikkss))
cc:: ccaammbboorraann ((kkoonnffiikkss))
NN:: aatteerr--aatteerr nnaassaall ((hhaannuusswwaarraa//bbuunnyyii sseennggaauu;; nn,, nnyy,, mm,, nngg))
mmii:: mmiinnggggaahh,, mmaa:: mmaannddhhaapp
DD.. FFOORRUUMM DDIISSKKUUSSII
Wacanen crita ing ngisor iki kanthi permati, banjur diskusia karo
kancamu lan jawaben pitakon-pitakone.
Timun Mas
Dhek jaman biyen ing salah sijining desa, ing desa kasebut ana Mbok
Randha sing urip dhewe ora ana putra utawa sedulur. Amarga urip dhewe
Mbok Randha mau kepengin kagungan putra. Saben dina Mbok Randha donga
awan bengi ing ngarsane Gusti Allah supaya diparingi putra. Dheweke yakin
menawa penjaluke bakal dikabulake dening Gusti Hyang Widhi Wasa. Mbok
Randha, anggone donga awan bengi ing omahe kuwi mau keprungu buta sing
kebeneran liwat sacedhake kono. Buta Ijo banjur nyeluk Mbok Randha supaya
metu saka omahe. Mbok Randha kaget ngerteni sana Buta Ijo ing ngarep omahe.
Buta Ijo ngomong menawa bisa nulungi menehi putra. Buta Ijo lan Mbok
Randha nganakake prajanjen. Mbok Randha bungah atine krungu kandhane Buta
Ijo kuwi maul an nyaguhi kabeh panjaluke Buta Ijo menawa diparingi putra tenan.
Penjaluke Buta Ijo yaiku menawa putrane Mbok Randha wis gedhe dijaluk
arep dipangan. Kekarone nyetujoni prajanjen mau, sabanjure Buta Ijo iku menehi
32
wit timun sing kudu ditandur Mbok Randha. Sawise Buta Ijo kuwi mau lunga,
Mbok Randha nandur wiji timun iku ana kebone. Wiji kuwi dirumat lan diopeni
kanthi gemati, disiram, diresiki sukete, lan dirabuk supaya cepet thukul.
Sawise thukul lan dadi wit timun kang subur, wit timun iku mau wis padha
uwoh. Ing antarane akehe who timun, ana salah sijine timun kang nganeh-
anehi. Rupane kuning emas lan gedhene sak guling. Timun iku banjur pecah lan
ing njero timun mau ana bayi sehat kang apik lan ayu rupane.
Mbok Randha bungah penggalihe amarga penjaluke kepengin kagungan
putra wis kaleksanan. Mbok Randha ngucapake syukur marang Gusti Allah
amarga dongane wis dikabulake. Bayi iku mau wadon, pakulitane resik alus kaya
kulit timun amarga lair saka timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi mau
dijenengake Timun Mas. Sawise Timun Mas ngancik diwasa, Mbok Randha
kelingan janjine karo Buta Ijo menawa arep menehake Timun Mas. Mbok Randa
dadi susah atine, rina wengi Mbok Randha donga supaya entuk pitulungan saka
Gusti Allah. Salah sawijining wengi, Mbok Randha ngimpi ketemu
pertapa/resi ing Gunung Gandhul. Pertapa kuwi mau kang bisa nulungi supaya
Timun Mas ora dipangan Buta Ijo.
Esuke Mbok Randha tindak menyang Gunung Gandhul kaya impene. Sawise
ketemu karo pertapa/resi kaya ing impene, Mbok Randha disangoni buntelan
kanggo Timun Mas. Resi kuwi mau maringi pitutur piye carane supaya Timun
Mas bisa oncat saka bebaya ngadhepi Buta Ijo. Sawise ngucapake matur nuwun
Mbok Randha pamitan kondur.
Tekan omah Mbok Randha menehi buntelan kang cacahe papat, lan dituturi
piye carane nggunakake. Mbok Randha ngutus Timun Mas lunga saka omah lan
mlayu sak cepet-cepete. Sawise iku Buta Ijo kanga rep njupuk Timun Mas teka ing
omahe Mbok Randha. Buta Ijo muntab ngerteni Timun Mas wis ora ana. Buta Ijo
nesu lan ngamuk, kebon sing ana ing cedhak omahe Mbok Randha dirusak lan
bengaok-bengok ngoyak playune Timun Mas.
Amarga Buta Ijo jangkahe amba sedhela wae Timun Mas wis meh kasil
koyak. Timun Mas banjur nguncalake buntelan sing isine wiji timun. Wiji
timun kang diuncalake mau sanalika malih dadi kebon timun kang akeh woh
timune, Buta Ijo mandheg lan mangan timun sing katon seger-seger kuwi mau
sawarege nganti lali tujuan utamane yaiku ngoyak Timun Mas. Nanging, sawise
timune entek, Buta Ijo kelingan menawa ngoyak Timun mas. Buta Ijo banjur
ngoyak Timun Mas maneh sing wis mlayu tekan adoh.
Amarga langkahe amba lan cepet playune, mula lagi sedhela wae Buta Ijo
wis meh kasil ngoyak Timun Mas. Buntelan sing isi dom kang digawa dening
33
Timun Mas, terus diuncalake marang Buta Ijo. Buntelan isi dom kang diuncalake
Timun Mas kasebut sedhela wae malih dadi alas pring. Alas pring mau ngalangi
playune Buta Ijo. Nanging sedhela wae alas pring mau kasil diliwati Buta Ijo,
wusana bisa metu saka alas pring mau.
Rumangsa wis meh kecekel Buta Ijo, Timun Mas banjur nguncalake
buntelan kang isih ana ing astane, yaiku isine uyah. Sawise dibalangake marang
buta galak mau, sanalika malih dadi segara kang amba lan jero. Buta Ijo kasil
nglangi ing segara kuwi mau lan tetep ngoyak Timun Mas kang ayu rupane.
Wusana Buta Ijo kasil mentas saka segara mau. Mangerteni kahanan kang kaya
mangkene, Timun Mas isih kelingan yeng ing astane isih ana buntelan siji kang
durung dibalangake Buta Ijo. Wusana Timun Mas kasil mbalangake buntelan kang
pungkasan yaiku kang isine trasi.
Sanalika, buntelan kang isine trasi mau malih dadi segara lumpur
kang jero banget. Buta Ijo kecemplung ing segara lumpur mau lan kangelan
mentas. Pungkasane Buta Ijo kang ngoyak Timun Mas iku mati kleleb ing njero
segara lumpur. Timun Mas slamet lan urip tentrem karo Mbok Randha. Kapethik
saka Crita Rakyat Nusantara lumantar buku Marsudi Basa lan Sastra Jawa
(Priyantono & Sawukir, 2015: 46-47).
Rembugen sakelompok kanggo mangsuli pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1. Tetembungan apa wae kang dadi titikane ngoko alus?
2. Kena ngapa crita Timun Mas iki diandharake nganggo ngoko alus?
3. Golekana tetembungan sing katulis durung trep!
4. Gawea sinopsis saka crita kasebut, banjur critakna meneh nganggo
basa panjenengan ananging jumbuh karo paugeran basa ngoko alus

Mais conteúdo relacionado

Semelhante a M2 kb2 BASA NGOKO ALUS

Tugas tik (ria 10 015 089)
Tugas tik (ria 10 015 089)Tugas tik (ria 10 015 089)
Tugas tik (ria 10 015 089)riawardani
 
09_Elisa Eka Anggraeni_XI MIPA 2
09_Elisa Eka Anggraeni_XI MIPA 209_Elisa Eka Anggraeni_XI MIPA 2
09_Elisa Eka Anggraeni_XI MIPA 209ElisaEkaanggraeni
 
Tembang Macapat (28 - Rania Latifatul H. - XI IPS 1).pdf
Tembang Macapat (28 - Rania Latifatul H. - XI IPS 1).pdfTembang Macapat (28 - Rania Latifatul H. - XI IPS 1).pdf
Tembang Macapat (28 - Rania Latifatul H. - XI IPS 1).pdfRaniaLatifatulHusna
 
1. unggah-ungguh basa (drama).pptx
1. unggah-ungguh basa (drama).pptx1. unggah-ungguh basa (drama).pptx
1. unggah-ungguh basa (drama).pptxHanaChryst
 
Pranatacara - Bahasa Jawa SMAN 5 Yogyakarta
Pranatacara - Bahasa Jawa SMAN 5 YogyakartaPranatacara - Bahasa Jawa SMAN 5 Yogyakarta
Pranatacara - Bahasa Jawa SMAN 5 YogyakartaResma Puspitasari
 
27_Nur Aini_Xl Mipa 2.pdf
27_Nur Aini_Xl Mipa 2.pdf27_Nur Aini_Xl Mipa 2.pdf
27_Nur Aini_Xl Mipa 2.pdf28NurAini
 
Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa
Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan PrastawaMateri Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa
Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawaanggaferdian
 
GEGURITAN kelas x semester 2 smk/sma.ppt
GEGURITAN kelas x semester 2 smk/sma.pptGEGURITAN kelas x semester 2 smk/sma.ppt
GEGURITAN kelas x semester 2 smk/sma.pptalifa31
 
08 Inayatun Nisa' XI IPS 2
08 Inayatun Nisa' XI IPS 208 Inayatun Nisa' XI IPS 2
08 Inayatun Nisa' XI IPS 208InayatunNisa
 
TEMBANG MACAPAT FERDIAN RIZKY RAMADIANSYAH / XI MIPA 5 / 07
TEMBANG MACAPAT FERDIAN RIZKY RAMADIANSYAH / XI MIPA 5 / 07TEMBANG MACAPAT FERDIAN RIZKY RAMADIANSYAH / XI MIPA 5 / 07
TEMBANG MACAPAT FERDIAN RIZKY RAMADIANSYAH / XI MIPA 5 / 0713FerdianRizky
 
Tembang Macapat (21/Nur Khoiriyah/XI MIPA 5) pdf
Tembang Macapat (21/Nur Khoiriyah/XI MIPA 5) pdfTembang Macapat (21/Nur Khoiriyah/XI MIPA 5) pdf
Tembang Macapat (21/Nur Khoiriyah/XI MIPA 5) pdf27NurKhoiriyahXMIPA5
 

Semelhante a M2 kb2 BASA NGOKO ALUS (20)

Basa krama
Basa kramaBasa krama
Basa krama
 
M1 kb 4 WIDYA MAKNA
M1 kb 4 WIDYA MAKNAM1 kb 4 WIDYA MAKNA
M1 kb 4 WIDYA MAKNA
 
Tugas tik (ria 10 015 089)
Tugas tik (ria 10 015 089)Tugas tik (ria 10 015 089)
Tugas tik (ria 10 015 089)
 
Bd8 kd2-wulangan 2 budaya
Bd8 kd2-wulangan 2  budayaBd8 kd2-wulangan 2  budaya
Bd8 kd2-wulangan 2 budaya
 
Tembang Macapat.pdf
Tembang Macapat.pdfTembang Macapat.pdf
Tembang Macapat.pdf
 
09_Elisa Eka Anggraeni_XI MIPA 2
09_Elisa Eka Anggraeni_XI MIPA 209_Elisa Eka Anggraeni_XI MIPA 2
09_Elisa Eka Anggraeni_XI MIPA 2
 
Tembang Macapat (28 - Rania Latifatul H. - XI IPS 1).pdf
Tembang Macapat (28 - Rania Latifatul H. - XI IPS 1).pdfTembang Macapat (28 - Rania Latifatul H. - XI IPS 1).pdf
Tembang Macapat (28 - Rania Latifatul H. - XI IPS 1).pdf
 
Tembang Macapat
Tembang Macapat Tembang Macapat
Tembang Macapat
 
M2 kb3 BASA KRAMA
M2 kb3 BASA KRAMAM2 kb3 BASA KRAMA
M2 kb3 BASA KRAMA
 
1. unggah-ungguh basa (drama).pptx
1. unggah-ungguh basa (drama).pptx1. unggah-ungguh basa (drama).pptx
1. unggah-ungguh basa (drama).pptx
 
Pranatacara - Bahasa Jawa SMAN 5 Yogyakarta
Pranatacara - Bahasa Jawa SMAN 5 YogyakartaPranatacara - Bahasa Jawa SMAN 5 Yogyakarta
Pranatacara - Bahasa Jawa SMAN 5 Yogyakarta
 
27_Nur Aini_Xl Mipa 2.pdf
27_Nur Aini_Xl Mipa 2.pdf27_Nur Aini_Xl Mipa 2.pdf
27_Nur Aini_Xl Mipa 2.pdf
 
DOC-20230310-WA0000..pdf
DOC-20230310-WA0000..pdfDOC-20230310-WA0000..pdf
DOC-20230310-WA0000..pdf
 
Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa
Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan PrastawaMateri Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa
Materi Piwulangan Warta, Crita Cerkak, lan Prastawa
 
GEGURITAN kelas x semester 2 smk/sma.ppt
GEGURITAN kelas x semester 2 smk/sma.pptGEGURITAN kelas x semester 2 smk/sma.ppt
GEGURITAN kelas x semester 2 smk/sma.ppt
 
08 Inayatun Nisa' XI IPS 2
08 Inayatun Nisa' XI IPS 208 Inayatun Nisa' XI IPS 2
08 Inayatun Nisa' XI IPS 2
 
Tembang Macapat.pdf
Tembang Macapat.pdfTembang Macapat.pdf
Tembang Macapat.pdf
 
TEMBANG MACAPAT FERDIAN RIZKY RAMADIANSYAH / XI MIPA 5 / 07
TEMBANG MACAPAT FERDIAN RIZKY RAMADIANSYAH / XI MIPA 5 / 07TEMBANG MACAPAT FERDIAN RIZKY RAMADIANSYAH / XI MIPA 5 / 07
TEMBANG MACAPAT FERDIAN RIZKY RAMADIANSYAH / XI MIPA 5 / 07
 
Tembang Macapat (21/Nur Khoiriyah/XI MIPA 5) pdf
Tembang Macapat (21/Nur Khoiriyah/XI MIPA 5) pdfTembang Macapat (21/Nur Khoiriyah/XI MIPA 5) pdf
Tembang Macapat (21/Nur Khoiriyah/XI MIPA 5) pdf
 
Tembang Macapat
Tembang MacapatTembang Macapat
Tembang Macapat
 

Mais de SPADAIndonesia

Ppt m5 kb 1 WIRAUSAHA BUDAYA JAWA
Ppt m5 kb 1 WIRAUSAHA BUDAYA JAWAPpt m5 kb 1 WIRAUSAHA BUDAYA JAWA
Ppt m5 kb 1 WIRAUSAHA BUDAYA JAWASPADAIndonesia
 
M5 kb 4 GENDHING JAWA LAN CAMPURSARI
M5 kb 4 GENDHING JAWA LAN CAMPURSARIM5 kb 4 GENDHING JAWA LAN CAMPURSARI
M5 kb 4 GENDHING JAWA LAN CAMPURSARISPADAIndonesia
 
M5 kb 1 WIRAUSAHA BIDAYA JAWA
M5 kb 1 WIRAUSAHA BIDAYA JAWAM5 kb 1 WIRAUSAHA BIDAYA JAWA
M5 kb 1 WIRAUSAHA BIDAYA JAWASPADAIndonesia
 
M4 kb4 TEMBANG MACAPAT
M4 kb4 TEMBANG MACAPATM4 kb4 TEMBANG MACAPAT
M4 kb4 TEMBANG MACAPATSPADAIndonesia
 
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPATM4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPATSPADAIndonesia
 
M4 kb2 LELAGON DOLANAN
M4 kb2 LELAGON DOLANANM4 kb2 LELAGON DOLANAN
M4 kb2 LELAGON DOLANANSPADAIndonesia
 
M4 kb2 LELAGON DOLANAN
M4 kb2 LELAGON DOLANANM4 kb2 LELAGON DOLANAN
M4 kb2 LELAGON DOLANANSPADAIndonesia
 
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPATM4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPATSPADAIndonesia
 
M3 kb 4 AKSARA JAWA TULISAN TANGAN
M3 kb 4 AKSARA JAWA TULISAN TANGANM3 kb 4 AKSARA JAWA TULISAN TANGAN
M3 kb 4 AKSARA JAWA TULISAN TANGANSPADAIndonesia
 
M3 kb 3 MACA AKSARA JAWA CITHAK
M3 kb 3 MACA AKSARA JAWA CITHAKM3 kb 3 MACA AKSARA JAWA CITHAK
M3 kb 3 MACA AKSARA JAWA CITHAKSPADAIndonesia
 
M3 kb 2 AKSARA MURDHA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWA
M3 kb 2 AKSARA MURDHA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWAM3 kb 2 AKSARA MURDHA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWA
M3 kb 2 AKSARA MURDHA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWASPADAIndonesia
 
Ppt m4 kb4 TEMBANG MACAPAT
Ppt m4 kb4 TEMBANG MACAPATPpt m4 kb4 TEMBANG MACAPAT
Ppt m4 kb4 TEMBANG MACAPATSPADAIndonesia
 

Mais de SPADAIndonesia (20)

Ppt m5 kb 2 SESORAH
Ppt m5 kb 2 SESORAHPpt m5 kb 2 SESORAH
Ppt m5 kb 2 SESORAH
 
Ppt m5 kb 1 WIRAUSAHA BUDAYA JAWA
Ppt m5 kb 1 WIRAUSAHA BUDAYA JAWAPpt m5 kb 1 WIRAUSAHA BUDAYA JAWA
Ppt m5 kb 1 WIRAUSAHA BUDAYA JAWA
 
M5 kb 4 GENDHING JAWA LAN CAMPURSARI
M5 kb 4 GENDHING JAWA LAN CAMPURSARIM5 kb 4 GENDHING JAWA LAN CAMPURSARI
M5 kb 4 GENDHING JAWA LAN CAMPURSARI
 
M5 kb 3 BUSANA JAWA
M5 kb 3 BUSANA JAWAM5 kb 3 BUSANA JAWA
M5 kb 3 BUSANA JAWA
 
M5 kb 1 WIRAUSAHA BIDAYA JAWA
M5 kb 1 WIRAUSAHA BIDAYA JAWAM5 kb 1 WIRAUSAHA BIDAYA JAWA
M5 kb 1 WIRAUSAHA BIDAYA JAWA
 
M5 kb 2 SESORAH
M5 kb 2 SESORAHM5 kb 2 SESORAH
M5 kb 2 SESORAH
 
M4 kb4 TEMBANG MACAPAT
M4 kb4 TEMBANG MACAPATM4 kb4 TEMBANG MACAPAT
M4 kb4 TEMBANG MACAPAT
 
M6 kb1
M6 kb1M6 kb1
M6 kb1
 
M4 kb3 GANCARAN
M4 kb3 GANCARANM4 kb3 GANCARAN
M4 kb3 GANCARAN
 
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPATM4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
 
M4 kb2 LELAGON DOLANAN
M4 kb2 LELAGON DOLANANM4 kb2 LELAGON DOLANAN
M4 kb2 LELAGON DOLANAN
 
M4 kb3 GANCARAN
M4 kb3 GANCARANM4 kb3 GANCARAN
M4 kb3 GANCARAN
 
M4 kb2 LELAGON DOLANAN
M4 kb2 LELAGON DOLANANM4 kb2 LELAGON DOLANAN
M4 kb2 LELAGON DOLANAN
 
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPATM4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
M4 kb1 GEGURITAN LAN TEMBANG MACAPAT
 
M3 kb 4 AKSARA JAWA TULISAN TANGAN
M3 kb 4 AKSARA JAWA TULISAN TANGANM3 kb 4 AKSARA JAWA TULISAN TANGAN
M3 kb 4 AKSARA JAWA TULISAN TANGAN
 
M3 kb 3 MACA AKSARA JAWA CITHAK
M3 kb 3 MACA AKSARA JAWA CITHAKM3 kb 3 MACA AKSARA JAWA CITHAK
M3 kb 3 MACA AKSARA JAWA CITHAK
 
M3 kb 1 AKSARA JAWA
M3 kb 1 AKSARA JAWAM3 kb 1 AKSARA JAWA
M3 kb 1 AKSARA JAWA
 
M3 kb 2 AKSARA MURDHA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWA
M3 kb 2 AKSARA MURDHA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWAM3 kb 2 AKSARA MURDHA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWA
M3 kb 2 AKSARA MURDHA, AKSARA REKAN, LAN ANGKA JAWA
 
M1 kb 1 WIDYA SWARA
M1 kb 1 WIDYA SWARAM1 kb 1 WIDYA SWARA
M1 kb 1 WIDYA SWARA
 
Ppt m4 kb4 TEMBANG MACAPAT
Ppt m4 kb4 TEMBANG MACAPATPpt m4 kb4 TEMBANG MACAPAT
Ppt m4 kb4 TEMBANG MACAPAT
 

M2 kb2 BASA NGOKO ALUS

  • 1. 22 KEGIATAN BELAJAR 2 NGOKO ALUS PENDAHULUAN A. DESKRIPSI SINGKAT Unggah-ungguh basa mligine ragam ngoko dipantha dadi loro yaiku ragam ngoko lan ngoko alus. Ragam ngoko dumadi saka leksikon ngoko. Unsur inti ing ragam ngoko awujut leksikon ngoko, ora kena nganggo leksikon liyane kalebu wuwuhan kang dinggo. Ragam ngoko alus basane ngoko dicampuri krama inggil. Basa krama inggil kang digunakake kanggo atur pakurmatan marang mitra wicara. Ragam ngoko alus nggambarake sasambungan sing raket ananging alus lan ngajeni banget marang wong sing diajak omong-omongan. Kahanan kaya mengkono mau amarga leksikon ragam ngoko alus dicampuri karo leksikon krama inggil. B. PETUNJUK BELAJAR 1. Wacanen dhaftar isi, pambuka, uga materi ana ing modul iki kanthi tliti ! 2. Maspadakna prentah lan trap-trapane anggone sinau modul kasebut supaya luwih gampang mangerteni isine ! 3. Pahamana saben materi, banjur garapen pitakonan-pitakonan ana ing tes formatif. 4. KKM saora-orane 80%. 5. Catheten menawa ana materi sing angel banjur bisa wawan rembug karo guru. 6. Catheten manawa panjenengan manggihi materi sing durung dimangerteni manawa prelu konsultasi marang para guru/pembimbing. 7. Waosen referensi saliyane sing gayut karo materi modul kasebut supaya ngelmu.
  • 2. 23 INTI A. CAPAIAN PEMBELAJARAN Menganalisis prinsip materi keterampilan berbahasa lisan dan tulis dan aplikasinya dalam pembelajaran bahasa Jawa. B. POKOK-POKOK MATERI 1. Tegese Ngoko Alus 2. Titikane Ngoko Alus 3. Tetembungan Ngoko Alus 4. Paugeran Wujud Ngoko Lugu-Ngoko Alus 5. Proses Owahe Wujud Ngoko Lugu-Ngoko Alus 6. Paugeran pamilihing unggah-ungguh basa ngoko alus 7. Tuladha pacelathon basa ngoko alus 8. Pandhapuking tembung-tembung krama inggil camboran ing basa ngoko alus C. URAIAN MATERI 1. Tegese Ngoko Alus Ngoko alus yaiku unggah-ungguh basa kang ngemot leksikon ngoko, leksikon netral, lan leksikon krama. Leksikon krama digunakake kanggo atur pakurmatan marang mitra wicara. Padatan leksikon krama sing digunakake awujud tembung aran, tembung kriya, lan tembung sesulih. Manawa ana leksikon krama andhap, padatan awujud tembung kriya utawa tembung aran (Sasangka, 2007). Miturut Harjawijana & Supriya (2009: 51) basa ngoko alus saged mbangun swasana kang endah lan elok. Uwong sing nggunakake basa ngoko alus anggone omongan karo uwong sing duwe status luwih asor, tetembungan dhasare awujud ngoko antuk tambahan leksikon krama utawa krama inggil supaya tuwuh rasa sing rumaket. Dadi ora ana let (jarak) tumrap uwong sing diajak micara. Sejene kuwi, leksikon krama lan krama inggil sing kacampur bisa nuwuhake rasa urmat. Panganggone basa ngoko alus yaiku kanggo guneman : a. Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur derajate b. Bojone priyayi marang sing lanang c. Priyayi marang priyayi sing wis kulina Tuladha : Wis seminggu iki simbah gerah ana rumah sakit . Nalika aku sowan minggu kepungkur simbah dhawah ana pawon. Aku bingung kudu piye. Pak
  • 3. 24 Ari tangga mburi omah paring pitulungan. Simbah didherekake menyang rumah sakit. Wingi bapak tindak menyang Jogja saperlu nuweni simbah. Esuk mau bapak kondur ngasta oleh- oleh. Aku seneng banget amarga diparingi oleh-oleh kaos. Bapak ora mung ngasta oleh-oleh kanggo aku ananging uga Ibu. Ibu uga remen. Aku didhawuhi bapak sowan Bu Ratmi tangga sebelah saperlu ngaturi oleh-oleh. Ngendikane bapak wingi bengi simbah wis kondur saka rumah sakit. Tembung-tembung kang kacethak miring (italic) awujud tembung karma kanggo atur pakurmatan . 2. Titikane Ngoko Alus Ngoko alus dumadi saka leksikon ngoko/netral + leksikon krama/krama inggil. Titikane ngoko alus yaiku : a. Tetembungan kang gayutan karo wong sing diajak guneman utawa wong liya sing dirembug nggunakake krama inggil. Tuladha : Aku seneng banget diparingi Bapak sangu. Saben esuk sawise aku mangkat sekolah, ibu tindak menyang pasar. b. Tetembungan sing kanggo awake dhewe nggunakake ngoko lugu utawa krama andhap. Tuladha : Mangga menawi badhe dhahar, kula sampun neda. c. Tembung sing diowahi krama inggil mung tembung linggane. Aku sowan Bu Rini saperlu ngaturake oleh-oleh. d. Leksikon krama inggil awujud tembung aran, tembung kriya, lan tembung sesulih. Apa panjenenengan wis pirsa yen Bu Parti seda wingi sore? e. Wuwuhan awujud ater-ater (afiks), seselan (infiks), lan panambang (konfiks) tetep ngoko. Tuladaha : Aku diparingi oleh-oleh kaos. Ibu diaturi dhahar ora kersa. 3. Tetembungan Ngoko Alus Tetembungan sing padatane ana ing ragam ngoko alus yaiku dhasare ngoko utawa leksikon netral, krama, lan krama inggil. Tembung sing kanggo awake dhewe nggunakake ngoko utawa leksikon netral. Manawa kanggo mitra wicara utawa ngrembug wong liya lumrahe nganggo krama lan krama inggil. Kang diowahi dadi ngoko alus mung tembung linggane; leksikon krama inggil
  • 4. 25 awujud tembung aran, tembung kriya, lan tembung sesulih; wuwuhan awujud ater-ater (afiks), seselan (infiks), lan panambang (konfiks) tetep ngoko. Tabel. Tuladha tembung Ngoko sing duwe Krama, lan Krama inggil. (lumantar Subroto, dkk, 2008: 131-136) No Ngoko Krama Krama Inggil Arti 1 akon aken dhawuh menyuruh 2 aku kula ingsung/adalem aku/saya 3 adhep sowan marak menghadap 4 anggo angge agem pakai 5 anom/enom anem/enem timur muda 6 apa menapa punapa apa 7 aran/jeneng nama asma nama 8 arep ajeng/badhe kersa akan/mau/ingin/ berkehendak 9 aten-aten memanahan penggalihan perasaan hati 10 ati manah penggalih hati 11 awak badan salira badan 12 ayo manga suwawi ayo/mari 13 batur/mbatur rencang/ ngrencang abdi/ ngabdi/ suwita abdi/ pembantu/ mengabdi 14 bayi/bayen gadhah lare babaran bayi/ bersalin 15 bebed/ jarit/ sinjang nyamping kain panjang 4. Paugeran Owahe Wujud Ngoko Lugu-Ngoko Alus a. Kabeh tembung sesulih P2 lan utawa P3 sing awujud ngoko diowahi dadi krama utawa krama inggil. Kowe panjenengan - panjenenganipun b. Kabeh tembung kriya sing kanggo wong liya awujud ngoko diowahi dadi krama inggil. Aku ngombe es teh dene ibu ngunjuk jeruk panas. c. Tembung kriya sing kanggo awake dhewe diowahi dadi krama andhap. Panjenengan lenggah wae aku tak sing lungguh dhingklik. Yen panjenengan ora tindak aku arep sowan. d. Kabeh tembung aran sing gayut karo pandarbe P2 sing awujud ngoko bisa diowahi dadi krama utawa krama inggil.
  • 5. 26 e. Tembung-tembung ngoko sing kanggo kewan, wit-witan, lan barang sanajan ana tembung krama inggil tetep nggunakake tembung ngoko. Tuladha: Kucingmu durung diadusi --- Kucing panjenengan durung diadusi. Lampu kamare Bapak mati --- Lampu kamaripun Bapak mati. f. Ora tau migunakake tembung krama, namung krama inggil utawa tembung ngoko sing ora ana krama inggile. Tuladha: Kowe dak-kon maca geguritan -- Panjenengan dakaturi maos geguritan. g. Ater-ater dak- bisa dadi rong werna, awujud dak- lan adalem. Ater-ater dak- manawa kanggo micara karo wong sing nduweni sesambungan raket utawa tatarane luwih asor. Diowahi dadi adalem manawa kanggo micara marang uwong sing akrab ning tatarane langsung inggil. Tuladha: Dhik, dak-kon nginep ya? Dhik, dakaturi nyipeng ya? h. Ater-ater kok- diowahi krama inggil (panjenengan). Tuladha: kokpangan --- panjenengan dhahar i. Ater-ater di- ora diowahi krama (dipun-), tetep ditulis di- . Tuladha: dituroni disareni j. Panambang e ora diowahi dadi krama (-ipun) ananging tetep e. Tuladha: klambine --- rasukane Ana ing padinan padatan diowahi nganggo tembung ingkang (ingkeng-- keng). Tuladha: anake --- ingkang-putra k. Panambang mu, diowahi krama inggil (panjenengan). Tuladha: Rambutmu - rikma panjenengan Ana ing padinan padatan diowahi nganggo tembung ingkang (ingkeng-- keng). Tuladha: anake --- putra-panjenengan (ingkang-putra) adhine --- rayi-panjenengan (ingkang-rayi) kakange --- raka-panjenengan (ingkang-raka) l. Panambang ku ana rong werna yaiku awujud ku lan adalem. Panambang ku manawa kanggo micara karo wong sing nduweni sesambungan raket
  • 6. 27 utawa tatarane luwih asor. Diowahi dadi adalem manawa kanggo micara marang uwong sing akrab ning tatarane luwih dhuwur. Tuladha: Adhimu nginep ing omahku. Ingkang rayi nyipeng ing omahku. Budhe wis mangkat menyang omahku. Budhe sampun tindak dhateng omah-adalem. m. Camboran di-ake ora diowahi krama Tuladha: ditukokake dipundhutake Ibu dipundhutake bapak jarik batik. n. Camboran kok-ake, ater-ater kok- diowahi krama inggil (panjenengan), panambang ake ora diowahi krama, tetep awujud ake. Tuladha: Kokomongake --- panjenengan-sanjangake Nyuwun tulung panjenengan sanjangke menawa aku wis sowan. o. Camboran dak-ne ana rong werna yaiku awujud dak-ne lan adalem. Camboran dak-ne manawa kanggo micara karo wong sing nduweni sesambungan raket utawa statuse luwih asor. Diowahi dadi adalem manawa kanggo micara marang uwong sing akrab ning tatarane luwih dhuwur. Tuladha: Kakangmu daktukokne sate. Ingkang raka dakpundhutne sate. p. Camboran dak-ane ana rong werna yaiku awujud dak-ne lan adalem. Camboran dak-ane manawa kanggo micara karo wong sing nduweni sesambungan raket utawa statuse luwih asor. Diowahi dadi adalem manawa kanggo micara marang uwong sing akrab ning tatarane luwih dhuwur. Tuladha: Klambimu dakkethokane. Rasukan panjenengan dakkethokane. 5. Proses Owahe Wujud Ngoko Lugu-Ngoko Alus Kanggo ngrombak ngoko lugu dadi ngoko alus, perangan-perangan ukarane bisa diowahi nggunakake tetembungan krama lan krama inggil. Supaya luwih gamblang dakaturi maspadakake tuladha ing ngisor iki. a. Jenange dipangan Mas Bima. (ngoko lugu) Jenange didhahar Mas Bima. (ngoko alus) b. Sing arep adus sapa dhisik? (ngoko lugu) Sing arep siram sapa dhisik? (ngoko alus)
  • 7. 28 c. Mbak Rina teka wiwit esuk mau. (ngoko lugu) Mbak Rina rawuh wiwit esuk mau. (ngoko alus) Tuladha ukara-ukara ing dhuwur kuwi mau saka ngoko lugu diowahi dadi ngoko alus. Tembung-tembung sing diowahi yaiku tembung kriya ngoko diowahi dadi tembung kriya krama inggil. Tembung kriya sing kanggo awake dhewe diowahi dadi krama, manawa kanggo wong liya diowahi dadi krama inggil. Tembung sesulih ngoko lugu diowahi dadi tembung sesulih krama. 6. Paugeran Pamilihing Unggah-Ungguh Basa Ngoko Alus a. Kanggo micara marang uwong sing statuse padha, ananging kanthi rasa urmat. b. Kanggo micara marang uwong sing statuse luwih dhuwur, ananging nduweni sesambungan sing rumaket. c. Kanggo micara marang uwong sing statuse saperangan luwih dhuwur, ananging saperangan luwih asor. d. Kanggo ngrasani utawa ngomongake liyane sing statuse luwih dhuwur. 7. Tuladha Panganggone Basa Ngoko Alus a. Micara Marang Uwong sing Statuse Padha Pak Narya lan Bu Dian minangka kanca kantor sing srawunge rumaket ananging kanggo atur pakurmatan siji lan sijine nggunakake basa ngoko alus Pak Narya karo Bu Dian kanca sekantor, sawise rampung anggone makarya arep padha mulih, padha takon-takonan dhisik. Pak Narya Bu Dian Pak Narya Bu Dian Pak Narya Bu Dian Pak Narya : : : : : : - b. Micara Marang Uwong sing Statuse Luwih Dhuwur ananging Sesambungane Raket Banget Sugeng micara marang Bapake. Sugeng nggunakake basa ngoko alus, dene Bapak ngoko lugu.
  • 8. 29 Sugeng Bapak Sugeng Bapak Sugeng Bapak Sugeng Bapak Sugeng Bapak Sugeng : : : : : : : : : : dicampuri kuningan ndhog pitik telung dina aja c. Micara Marang Uwong sing Statuse Saperangan Luwih Dhuwur, ananging Saperangan Meneh Luwih Asor Lik Bambang micara karo Arsenio, sanadyan ponakane luwih enom ananging ana ing kantor Arsenio kuwi minangka pimpinan. Lik Bambang Arsenio Lik Bambang Arsenio Lik Bambang Arsenio Lik Bambang Arsenio : : : : : : : : lhamdulillah sae Lik. Boten kok Lik namung Santosa vertigo d. Ngrasani utawa Ngomongake Liyan sing Statuse Luwih Dhuwur Ani karo Tutik lagi ngomongake Ibune sing dinas menyang luar kota. Ani : -kira Ibu kon
  • 9. 30 Tutik Ani Tutik Ani : : : : - -oleh supaya luwih cetha, dakaturi mirsani tuladha pacelathon lan tuladha tetembungan ing basa ngoko alus ana ing URL iki: hhttttppss::////yyoouuttuu..bbee//11eeooIIKKrrSSaaEEiiYY ccoonnttoohh iibbuu&& aannaakk hhttttppss::////yyoouuttuu..bbee//ss99ppttEEYYjj__RROOQQ kkoossaakkaattaa nnggookkoo--kkrraammaa hhttttppss::////yyoouuttuu..bbee//hhnnbbZZaa--nn22XXNN88 kkoossaakkaattaa nnggookkoo--kkrraammaa hhttttppss::////yyoouuttuu..bbee//IIssOOZZIIddll88rr__kk kkoossaakkaattaa nnggookkoo--kkrraammaa PPaannddhhaappuukkiinngg TTeemmbbuunngg--TTeemmbbuunngg KKrraammaa IInnggggiill CCaammbboorraann IInngg BBaassaa NNggookkoo AAlluuss TTaabbeell 33.. PPaannddhhaappuukkiinngg TTeemmbbuunngg--TTeemmbbuunngg KKrraammaa IInnggggiill CCaammbboorraann iinngg BBaassaa NNggookkoo AAlluuss ((lluummaannttaarr HHaarrjjaawwiijjaannaa && SSuupprriiyyaa,, 22000099:: 6644--6699)) Rimbag Tembung Lingga Tembung Andhahan Tembung Ngoko/ Katrangan a: N- a: kok- a: kok a: kok suwun ngampil pundhut ngampil suwun priksa pundhut priksa suwun ngampil pundhut ngampil paring priksa nyuwun ngampil mundhut ngampil nyuwun priksa mundhut priksa panjenengan-suwun ngampil panjenengan- pundhut ngampil panjenengan-paring priksa mi nyilih ma nyilih mi takon ma takon mi- silihen ma mi- silihen ma mi- kandhaa/aweha ma weruh
  • 10. 31 c: kok-N c: kok-N c: kok-N c: kok-N suwun ngampil pundhut ngampil suwun priksa pundhut priksa panjenengan-nyuwun ngampil panjenengan- mundhut ngampil panjenengan nyuwun priksa panjenengan- mundhut priksa mi- nyiliha mi mi- nyiliha ma mi- takona mi mi- takona ma KKaattrraannggaann cceekkaakkaann--cceekkaakkaann iinngg TTaabbeell:: aa:: aatteerr--aatteerr ((pprreeffiikkss)) cc:: ccaammbboorraann ((kkoonnffiikkss)) NN:: aatteerr--aatteerr nnaassaall ((hhaannuusswwaarraa//bbuunnyyii sseennggaauu;; nn,, nnyy,, mm,, nngg)) mmii:: mmiinnggggaahh,, mmaa:: mmaannddhhaapp DD.. FFOORRUUMM DDIISSKKUUSSII Wacanen crita ing ngisor iki kanthi permati, banjur diskusia karo kancamu lan jawaben pitakon-pitakone. Timun Mas Dhek jaman biyen ing salah sijining desa, ing desa kasebut ana Mbok Randha sing urip dhewe ora ana putra utawa sedulur. Amarga urip dhewe Mbok Randha mau kepengin kagungan putra. Saben dina Mbok Randha donga awan bengi ing ngarsane Gusti Allah supaya diparingi putra. Dheweke yakin menawa penjaluke bakal dikabulake dening Gusti Hyang Widhi Wasa. Mbok Randha, anggone donga awan bengi ing omahe kuwi mau keprungu buta sing kebeneran liwat sacedhake kono. Buta Ijo banjur nyeluk Mbok Randha supaya metu saka omahe. Mbok Randha kaget ngerteni sana Buta Ijo ing ngarep omahe. Buta Ijo ngomong menawa bisa nulungi menehi putra. Buta Ijo lan Mbok Randha nganakake prajanjen. Mbok Randha bungah atine krungu kandhane Buta Ijo kuwi maul an nyaguhi kabeh panjaluke Buta Ijo menawa diparingi putra tenan. Penjaluke Buta Ijo yaiku menawa putrane Mbok Randha wis gedhe dijaluk arep dipangan. Kekarone nyetujoni prajanjen mau, sabanjure Buta Ijo iku menehi
  • 11. 32 wit timun sing kudu ditandur Mbok Randha. Sawise Buta Ijo kuwi mau lunga, Mbok Randha nandur wiji timun iku ana kebone. Wiji kuwi dirumat lan diopeni kanthi gemati, disiram, diresiki sukete, lan dirabuk supaya cepet thukul. Sawise thukul lan dadi wit timun kang subur, wit timun iku mau wis padha uwoh. Ing antarane akehe who timun, ana salah sijine timun kang nganeh- anehi. Rupane kuning emas lan gedhene sak guling. Timun iku banjur pecah lan ing njero timun mau ana bayi sehat kang apik lan ayu rupane. Mbok Randha bungah penggalihe amarga penjaluke kepengin kagungan putra wis kaleksanan. Mbok Randha ngucapake syukur marang Gusti Allah amarga dongane wis dikabulake. Bayi iku mau wadon, pakulitane resik alus kaya kulit timun amarga lair saka timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi mau dijenengake Timun Mas. Sawise Timun Mas ngancik diwasa, Mbok Randha kelingan janjine karo Buta Ijo menawa arep menehake Timun Mas. Mbok Randa dadi susah atine, rina wengi Mbok Randha donga supaya entuk pitulungan saka Gusti Allah. Salah sawijining wengi, Mbok Randha ngimpi ketemu pertapa/resi ing Gunung Gandhul. Pertapa kuwi mau kang bisa nulungi supaya Timun Mas ora dipangan Buta Ijo. Esuke Mbok Randha tindak menyang Gunung Gandhul kaya impene. Sawise ketemu karo pertapa/resi kaya ing impene, Mbok Randha disangoni buntelan kanggo Timun Mas. Resi kuwi mau maringi pitutur piye carane supaya Timun Mas bisa oncat saka bebaya ngadhepi Buta Ijo. Sawise ngucapake matur nuwun Mbok Randha pamitan kondur. Tekan omah Mbok Randha menehi buntelan kang cacahe papat, lan dituturi piye carane nggunakake. Mbok Randha ngutus Timun Mas lunga saka omah lan mlayu sak cepet-cepete. Sawise iku Buta Ijo kanga rep njupuk Timun Mas teka ing omahe Mbok Randha. Buta Ijo muntab ngerteni Timun Mas wis ora ana. Buta Ijo nesu lan ngamuk, kebon sing ana ing cedhak omahe Mbok Randha dirusak lan bengaok-bengok ngoyak playune Timun Mas. Amarga Buta Ijo jangkahe amba sedhela wae Timun Mas wis meh kasil koyak. Timun Mas banjur nguncalake buntelan sing isine wiji timun. Wiji timun kang diuncalake mau sanalika malih dadi kebon timun kang akeh woh timune, Buta Ijo mandheg lan mangan timun sing katon seger-seger kuwi mau sawarege nganti lali tujuan utamane yaiku ngoyak Timun Mas. Nanging, sawise timune entek, Buta Ijo kelingan menawa ngoyak Timun mas. Buta Ijo banjur ngoyak Timun Mas maneh sing wis mlayu tekan adoh. Amarga langkahe amba lan cepet playune, mula lagi sedhela wae Buta Ijo wis meh kasil ngoyak Timun Mas. Buntelan sing isi dom kang digawa dening
  • 12. 33 Timun Mas, terus diuncalake marang Buta Ijo. Buntelan isi dom kang diuncalake Timun Mas kasebut sedhela wae malih dadi alas pring. Alas pring mau ngalangi playune Buta Ijo. Nanging sedhela wae alas pring mau kasil diliwati Buta Ijo, wusana bisa metu saka alas pring mau. Rumangsa wis meh kecekel Buta Ijo, Timun Mas banjur nguncalake buntelan kang isih ana ing astane, yaiku isine uyah. Sawise dibalangake marang buta galak mau, sanalika malih dadi segara kang amba lan jero. Buta Ijo kasil nglangi ing segara kuwi mau lan tetep ngoyak Timun Mas kang ayu rupane. Wusana Buta Ijo kasil mentas saka segara mau. Mangerteni kahanan kang kaya mangkene, Timun Mas isih kelingan yeng ing astane isih ana buntelan siji kang durung dibalangake Buta Ijo. Wusana Timun Mas kasil mbalangake buntelan kang pungkasan yaiku kang isine trasi. Sanalika, buntelan kang isine trasi mau malih dadi segara lumpur kang jero banget. Buta Ijo kecemplung ing segara lumpur mau lan kangelan mentas. Pungkasane Buta Ijo kang ngoyak Timun Mas iku mati kleleb ing njero segara lumpur. Timun Mas slamet lan urip tentrem karo Mbok Randha. Kapethik saka Crita Rakyat Nusantara lumantar buku Marsudi Basa lan Sastra Jawa (Priyantono & Sawukir, 2015: 46-47). Rembugen sakelompok kanggo mangsuli pitakon-pitakon ing ngisor iki! 1. Tetembungan apa wae kang dadi titikane ngoko alus? 2. Kena ngapa crita Timun Mas iki diandharake nganggo ngoko alus? 3. Golekana tetembungan sing katulis durung trep! 4. Gawea sinopsis saka crita kasebut, banjur critakna meneh nganggo basa panjenengan ananging jumbuh karo paugeran basa ngoko alus