3. AKA jaman pra-islam masyarakat Jawa wis
kenal karo sing jenenge geguritan kang
ngandung mantra lan digunakake ing upacara
kea
Filosofi
1
keagamaan. Geguritan kuwi diarani kakawin kang
ditulis nganggo basa Sansekerta. Wektu agama
Islam mulai disebarake dening para wali,
geguritan mantra kasebut diubah dadi
tembang cilik (cekak). Tembang kuwi
diarani macapat (maca papat-papat),
yaiku cara maca saben 4 suku
kata. Masyarakat Jawa mang-
erteni Macapat sebagai kawruh kanggo
pencarian jati diri manungsa sejati kang
dikelilingi 4 nafsu dunia. Macapat nduweni isi 11 bab
(mentrum) kang nyeritakake perjalanan urip manungsa
ing dunia.
4. askumambang
mentrum 1
Bab kang nyeritakake ngenani kahanan
manungsa wektu idih ing alam ruh utawa
kandungan. Ing rahim ibu, terbentuk jasad
utawa fisik manungsa saka asil pembuahan bibit
insan saka wong lanang. Ing fase iki masyarakat
Jawa biasane ngadakake slametan kanggo bayi
sing ana ing kandungan.
2
Luwih ala-alane janma ngaurip
Wong ngepluk sungkanan
Tan patut ngawuleng aji
Angengera sapa-sapa
5. Bab ngenani kelairan manungsa ing alam dunia
kang diiringi 2 hal yaiku kebahagiaan lan eseman
kanggo wong tuwane, lan tangisan saka si jabang
bayi. Tangisan pertama bayi kuwi nunjukake rasa
dadi krkuatan lan perkenbangan manungsa.
Kelairan iki uga disertai 4 nafsu kanggo si bayi.
ijil
mentrum 2
3
Poma kaki padha dipun eling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarangipun
6. inom
mentrum 3
Gambaran masa bocah kang berisi penyesuaian
diri lan tumbuh kembang. Sinom nggambarake
masa enom (bocah) lan perkembangan kaya
mbrangkang, mlaku, lan liyane.
4
Carita nggonsun nenular
Wong tuwa kang momong dingin
Akeh kang padha cerita
Sun rungokna rina wengi
Samengko isih eling
Sawise diwasa ingsun
Bapak kang paring wulang
Miwah ibu mituturi
Tatakrama ing pratingkah karaharjan
7. Nyeritakake tentang pendewasaan diri lan
pembentukan jati diri kanggo nggayuh cita-cita
kang dilakukake lewat sekolah lan pengenalan
keuripan luar. Tembung kinanthi nduweni teges
"kanthi" kang artine "contoh", awakdhewe perlu
nduweni contoh supaya urip kita dadi luwih apik.
inanthi
mentrum 4
5
Ayawa sembrana ing kalbu
Waasen wuwus sireki
Ing kono yekti karasa
Dudu ucape pribadi
Marma den sembadeng sedya
Wewesen praptaning uwis
8. smaradana
mentrum 5
Nduweni isi ngenani fase olah rasa, yaiku
muncule rasa asmara lan tresna antara lanang
lan wadon. Ing fase iki dinamika kauripan makin
kompleks saengga dibutuhake pengendalian
ego saka masing-masing individu.
6
Gegaraning wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Among ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Yen gampang luwih gampang
Yen angel, angel lakangkung
Tan kena tinumbas arta.
9. Nduweni teges yaiku "bersatu" utawa "nyawiji",
yaiku tentang komitmen kanggo bersatu lewat
pernikahan. Nikahan iki ora mung antara 2
individu nanging uga persatuan antara 2
kaluwarga.
ambuh
mentrum 6
7
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadalu warsa kapatuh
Katutuh pan dadi awon
10. Nduweni isi ngenani kauripan sawise nikah. Ing bab
iki nduweni isi pait lan legine kauripan, uga anane
proses regenerasi keturunan. Ing babagan iki
manungsa agolek kemakmuran lan upaya kanggo
nyukupi kebutuhan urip.
hanggula
mentrum 7
8
Yogyanira kang para prajurit
Lamun bisa samiyo anuladha
Duk ing nguni caritane
Andelira sang Prabu
Sasrabau ing Maespati
Aran Patih Suwanda
Lelabuhanipun
Kang ginelung tri prakara
Guna kaya purun ingkang den antepi
Nuhoni trah utama
11. Panggambaran yen manungsa kudu wani ngelakoni
urip, Manungsa kudu nduweni watak greget, kuat, lan
percaya diri. Durma asale saka tembung "darma" kang
tegese kebecikan, tingkah laku ing kauripan sosial, lan
diharapkan tingkah laku kauripane manungsa adoh
saka hawa amarah.
urma
mentrum 8
9
Gumarudug anawat sela lir udan
tanapi gada bindi
kunta myang senjata
tibeng angganing sarpa
datan mantra anedhasi
sangsaya krura
molah amuter pethit
12. Nduweni teges kekuwatan ati lan pengendalian hawa
nafsu. Pangkur asale saka tembung "mangkur" yaiku
nyingkirake hawa nafsu dunia, carane kaya lewat poso
sing asile bisa ngilangake sikap iri lan benci. Pangkur
uga dimengerteni "nyimpang nyingkur" kang artine
menungsa wis tuwa lan kudu bisa nahan hawa nafsu
angkur
mentrum 9
10
Mingkar-mingkuring ukara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawang resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung
Kang tumprap ing tanah Jawa
Agama ageming aji.
13. egatruh
mentrum 10
Megatruh asale saka tembung "megat" lan
"ruh", yaiku fase bertemu karo sang pencipta.
Bab iki nduweni isi tentang raga manungsa kang
pisah karo sukma/ruh. Megatruh nduweni watak
prihatin, lara ati, putus aja, lan sedih.
11
Nalikane mripat iki wis ketutup
Nana sing bisa nulungi
Kajaba laku kang luhur
Kang ditampi marang Gusti
Aja ngibadah kang awon
14. Pacung (pocong) yaiku jasad manungsa kang
dibungkus nganggo kain putih. Sawise raga manungsa
pisah karo ruh/sukmane, manungsa diabadikake ing
semesta. Fase iki yaiku peristirahatan terakhir
manungsa lan ngelanjutake ing alam sawise,
tergantung perbuwatane wektu ana ing alam dunia.
ocung
mentrum 11
12
Angkara gung neng angga
anggung gumulung
Gegolonganira
Triloka lekeri kongsi
Yen den umbar ambabar dadi
rubeda.
15. Kanggo masyarakat Jawa, macapat nduweni
fungsi piwulangan urip ngenani proses
pengubahan sikap lan tata lakune manungsa
kanggo usaha mendewasakan manungsa lewat
sinau lan latian. Hal iki amarga Macapat
nyeritakake perjalanan urip manungsa saka isih
ing njero kandungan sampe ngadep ingkang
maha kuasa. Mulane pawongan kang ngerteni
makna Macapat bakal ndadekake urip ayem
tentrem amarga isine kang kebak pitutur lan
piwulangan urip.
13
Ancase Tembang
Macapat
16. Paugeran Tembang
Macapat
Guru gatra yaiku cacahing gatra
saben sapada ing tembang macapat
Guru wilangan yaiku cacahing wanda
saben sagatra
Guru lagu yaiku tibaning/dhong
dhinge swara ing saben
pungkasaning gatra
Guru Wilangan
Guru Gatra
Guru Lagu
14
18. Tembung Garba yaiku tembung loro utawa luwih
sing digandheng dadi siji sarana nyuda cacahing
wandane. Tembung garba lumrahe kanggo ing
Kasusastran kang sinawung ing tembang. Yaiku
samangsa ana gatra kang kakehan cacahing
wandane, pangripta bisa ngungkret cacahing
wanda mau sarana nggarba tembung loro utawa
luwih kang dumunung ana ing gatra iku.
Dupyarsa saka tembung = Dupi + arsa, tegese
nalika arep.
Mahmeru saka tembung = Maha + meru, tegese
gunung linuwih.
Yeku saka tembung = Iya + iku, tegese ya bener
kui
1.
2.
3.
Tuladha:
Tembung Garba
16
19. Tembung kawi yaiku tembung-tembung ing basa
Jawa kang asale saka Basa Jawa Tengahan utawa
Jawa Kuno. Tembung sing wis arang banget
digunakake kanggo omongan padinan, mula saiki
wis arang keprungu. Mula ana saperangan
masyarakat sing ora ngerti babar blas. Lumrahe
kanggo mangerteni tumrap tembung kawi kudu
digoleki ing Kamus Basa Jawa.
Andaru = lintang
Sasmita = tandha
Yoga = anak
1.
2.
3.
Tuladha:
Tembung Kawi
17
20. Tembung Dasanama yaiku tembung-tembung
kang nunggal teges (padha utawa meh padha
tegese). Gegandhengan ing basa Jawa ana warna
basa kang manut unggah-ungguh ing bisa
kaprinci dadi pirang-pirang warna, mula ana
tembung sepuluh, luweh utawa kurang saka
sepuluh nanging sing nunggal teges. Dasanama
ing bahasa Indonesia asring diarani sinonim
utawa persamaan kata.
Bumi = bantala, basundara, basundari, bawana,
buwana, buntala, kisma, mandhala, pratala,
pratiwi, lemah
Ibu = biyang, biyung, indhung, puyengan, rena,
umi, wibi, embok
Kuning = jenar, kapuranta, pita
1.
2.
3.
Tuladha:
Tembung Dasanama
18
21. Sandhi asma duwe teges jeneng kang disamarake,
jeneng kang ora diketarakake, utawa jeneng kang
didhelikake. Sejatine jeneng mau wis jangkep,
nanging jeneng mau dipedhot-pedhot, ora
langsung bisa ditemtokake. Biasane sandhi asma
iki dumunung ing reriptan/karya sastra awujud
tembang utawa ing geguritan. Nanging bisa uga
ing sesanti.
Tuladha:
Riptane panguwasa dalan kita
Zaman kang wus berubah
Kuwasa kanggo wong sugyarta
Yogya wus ditinggalna
Kisma tanpa daya
Nala kang becik pribadi kita
Ingkang ajeng bakal nemu anggone
Nirwana kang dadi griya kita
Sandi Asma
19
22. Sandi Karsa yaiku tujuan, ancas, utawa karep kang
sinamun utawa sinamar ana ing tembang. Ana
uga wong kang ngarani sandi karsa kuwi sandi
ukara yaiku ukara (ukarane kanggo medharake
cipta, gagasan, rasa – pangrasa, utawa
kekarepan).
Tuladha:
Sandi Karsa
Dimen lebdeng kawruh
Ing pakaryan mrih trengginas
Nalar mulur rinengga ambeg berbudi
Anjrah mring para siswa
Pepinginan kang samya kae
Esthining tyas maujud
Naning mulya
Dina dina kepungkur
Iku dadi landhasaneki
Dina kang bakal teka
Ing pangangkah tumus
Kita bangsa Indonesia
Anemahi jaman Nyrambahi
Nuwsantara
20
23. "Lamun sira durung wikan
alamira pribadi, mara takona
marang wong kang wus wikan"