5. PENGERTEN
TEMBANG MACAPAT
Tegese Tembang Macapat :
tembang cekak kang katulis déning wali lan
pujangga diarani "Macapat"
Umume Macapat ditegesi minangka jinis wacan
"papat-papat" yaiku maca siji ukara kang padhet
saben 4 gatra.
• Macapat asring dipuntegesi minangka golek jati diri
manungsa sing dikelilingi ambek 4 nafsu duniawi,
koyok pengerten Jawa sing asring kita rungokna
minangka "sedulur papat kalimo pancer"
02
7. FILOSOFI TEMBANG
MACAPAT
1. Maskumambang
Nyaritakake babagan kahanan manungsa saiki
isih ing njero roh utawa kandungan ibu (weteng).
Biyasane para leluhur lan para wali nganakake
upacara selametan ben bayi sing dikandung sehat
lan nuwuhaké pengarep-arep marang wong tuwa
loro-lorone nalika lair mengko.
04
8. 05
2 . M I J I L
Proses lair manungsa.
Anane manungso ing donya iku dibarengi rong prakara kang
beda tumrap wong tuwane lan bocah, yaiku mesem lan ngguyu
iku ngiringi anane anake ing donya ditandhani dening tangise
kang kapisan. Lan tangisan kapisan iku diselehake papat karep
sing bakal menjelma minangka pangiring kekuwatan ing
perkembangan manungsa mengko.
Kekuwatan lan hawa napsu iki sing mengko bakal mbantu
awak manungsa supaya bisa nyusup, mlaku, lan ngerti urip
awal nalika isih cilik.
9. 3. SINOM
Ing umur bocah, manungsa wiwit sinau adaptasi
lan berkembang saka mlakune wektu. Urip ing
proses iki diarani Sinom.
Sinom tegese gegambaran mudha kang endah
kanthi akeh pengarep - arep, impen-impen dolan,
lan nongkrong karo kanca-kanca uga nuwuhake
kabisan pikiran lan ati supaya bisa nduweni
kekarepan lan pengarep - arep.
06
10. Wektu mbentuk jati diri lan
nemokake cara kanggo nggayuh
cita-cita, wong tuwa menehi
pendidikan lan ngerti kahanan ing
njaba omah minangka kagiyatan
manungsa individu.
Kinanthi asale saka tembung
"kanthi" utawa tuntun kang tegese
butuh tuntunan utawa dalan kang
bener supaya cita-cita iso kawujud.
4. KINANTHI
07
11. Asmara tegese katresnan,
gegambaran fase iki nyritakake
wektu-wektu asmara, asmara
utawa larut ing samodra
katresnan.
Ing fase iki dinamika panguripan
sansaya nyata lan kompleks, butuh
perjuangan kanggo ngalahake
egoe dhewe saengga kabentuk
kesepakatan sing diarani toleransi,
gotong royong nampa
kekurangane saben individu.
5. ASMARADANA
08
12. 6. GAMBUH
Jumbuh utawa manunggal.
Fase iki nyritakake prasetya jroning bebrayan
kanggo manunggalake rasa tresna ing
sakjroning urip kluwarga,uga kudu iso mbentuk
kerukunan, keselarasan, lan rasa hormat ing
antarane pasangan.
Fase iki mesthi ora gampang amarga identitas
etnis, basa, utawa cara sosial saben individu
manungsa kadhangkala beda-beda saengga
mbutuhake legowo utawa sipat gedhe atine.
09
13. Panguripan kang wis nyedhak tatanan
ngudi kestabilan sosial lan kesejahteraan
ngudi nilai kang cukup kanggo sandhang,
pangan, lan papan. Fase iki diarani
DHANDHANGGULA.
Cukup ora ateges sugih utawa mewah,
nanging cukup migunani miturut porsine.
Dhandanggula tegese pait manise urip.
7. DHANDHANGGULA
10
14. Nggambarake manungsa kang kudu wani
ngadhepi sakabehe pacoban urip. Durmo asale
saka tembung darma kang saben manungsa kudu
tumindak becik marang wong liya sajrone urip
bebrayan.
Tahap iki diharapno kahuripan manungsa iku
iso mupangati karo kahuripan manungsa liane
ugo ngelembutaken jiwa manungsa supados adoh
tekan sifat nesu lan murka.
8. DURMA
11
15. 9. PANGKUR
Manungsa kudu wiwit iso ngontrol hawa
nafsu.
Fase iki dipunandharaken minangka pangkur
ditegesipun nyingkiraken hawa napsu
negatip ingkang ngrusak jiwa manungsa.
Wong Jawa diwulangake kaluhurane kanthi
cara kang diarani prihatin lan lelaku.
Prihatin : nandhang murka hawa
napsu kanthi nindakake dhawuh
agama lan piwulang kebecikan
kang diwarisake dening para
leluhure masyarakat Jawa.
Lelaku : luwih iso dilakoni ambek
olahraga ben ngadoh tekan
kesenangan dunya sing kawujud.
12
16. 10. MEGATRUH
Fase ketemu karo pangripta diarani Megat
roh.
Yen manungsa ndadekake agama dadi
dhasar ing urip, mula fase iki endah banget
kanggo urip
Megatruh yaiku fase nalika nyawa
dipisahake saka raga kita, roh utawa nyawa
diuculake menyang alam kalanggengan,
manungsa ingkang limrahipun nyembah
saha nyebut asmanipun Gusti ing saben
shalat, prosesi Megatruh menika
dipuniringi meh sami kaliyan ngucap
asmanipun Gusti ingkang Maha Agung.
13
17. 11. POCUNG
Sasampunipun perpisahan roh kaliyan raga, lajeng
manungsa kadhawahaken wonten ing alam semesta,
balik menyang Gusti ingkang Maha Kuwasa lan raga
dipunbungkus kain putih 5 utawi 7 lembar lan
dipuntampi ing saben perangan awak ingkang
dipunwastani Pocung.
Pocung tegese pocong utawa ragane manungsa kang
kabungkus kain, fase iki diarani fase istirahat ragane
manungsa lan roh suci nerusake urip ing alam akhirat
miturut tumindak nalika ana ing donya.
14
19. 1. Tembang
Macapat
nduweni pitutur kang luhur
sing tujuane gawe pepiling
para manungsa gae urip ing
dunya.
3. Tembang
Macapat
uga iso digunakake kanggo
pangelaran tradisional, penolak
bala'. upacara temanten adat
Jawa, upacara kegiatan
pangestu lan filosofi siklus urip.
2. Tembang
Macapat
nduweni lagu ing
saben filosofine kang
isoo digawe hiburan,
estetika, lan
pendidikan.
16
21. GURU GATRA
akehe gatra (baris) saben
sapada (bait) tembang.
GURU WILANGAN
akehe wanda (suku kata) ing
saben gatra (baris) tembang.
GURU LAGU
dhong - dhinge / tibane
swara ing saben pungkasane
gatra.
18
22. Sinom
Nuladha laku utama
Tumrape wong tanah Jawi
Wong agung ing ngeksiganda
Panembahan senopati
Kepati amarsudi
Sudane hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siang ratri
Amemangun Karyanak tyasing
sesama
Tuladhane:
19
Guru gatra : 9 gatra
Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7,
8, 12
Guru lagu : a, i, a, i, i, u, a, i, a
24. Tembang
Guru
Gatra
Guru
Wilangan
Guru Lagu
Maskumambang 4 7, 10, 12, 8, 8 i, a, i, a
Mijil 6 10, 6, 10, 10 ,6 ,6 i, o, e, i, i, u
Sinom 9
8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8,
12
a, i, a, i, i, u,
a, i, a
Kinanthi 6 8, 8, 8, 8, 8, 8 u, i, a, i, a, i
Asmaradana 7 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8
a, i, e, a, a, u,
a
Gambuh 5 7, 10, 12, 8, 8 u, u, i, u, o
Dhandanggula 10
10, 10, 8, 7, 9, 7, 6,
8, 12, 7
i, a, e, u, i, a,
u, a, i, a
Durma 7 12, 8, 6, 7, 8, 5, 7 a, i, a, a, i, a, i
Pangkur 7 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
a, i, u, a, u, a,
i
Megatruh 5 12, 8, 8, 8, 8 u, i, u, i, o
Pocung 4 12, 6, 8, 12 u, a, i, a
TABEL PAUGERANE
TABEL PAUGERANE
TEMBANG MACAPAT
TEMBANG MACAPAT
21
26. Unsur Kebasaan
Tembang Macapat lan
Tuladhane
Tembung - tembung sing asale saka
basa Jawa tengahan / Jawa kuno
Tembung iki biasane digunakake kanggo
omongan sabendina, mula saiki wis
Arang keprungu.
1. Tembung Kawi
TULADHA :
Tembung Sudra ateges : mlarat
Tembung Lawan ateges : mungsuh
Tembung Langar ateges : Angkuh
23
27. 24
Asale saka tembung ‘dasan' ateges
sepuluh, ‘nama' ateges jeneng utawa
aran.
Jenenge wong utawa aran siji nduweni
jeneng utawa aran nganti sepuluh
(utawa luwih) kang padha utawa meh
padha tegese.
2. Tembung Dasanama
TULADHA :
•Sira padha tegese karo : kowe,
sampeyan, panjenengan
•Rina padha tegese karo :
rinten, wiyang, awan
•Sudra padha tegese karo :
papa, mlarat, sengsara, kere
Asmane
Panjenengan
Sinten ?
28. 25
Tembung kang kedadeyan saka
gandhenge tembang loro utawa luwih.
3. Tembung Garba
1. Tembung Garba Lumrah
Tembung loro sing digabung
dadi siji tanpa owah-owahan
utowo tambahan huruf.
TULADHA :
1. Raneki = arane dan iki.
2. Kadya = kadi dan kaya
3. Maharja = maha dan raja.
ana 4 jinis tembung garba
2. Tembung Garba Sustrawan
Tembung loro sing digabung dadi
siji kanthi ngowahi tembung lan
tambahan Aksara W.
TULADHA :
1. jalwestri = jalu dan estri.
2. kajwareng = kajuwara
dan ing.
3. dadyawuh = dadi ewuh.
3. Tembung Garba Sustra Ye
Tembung loro sing digabung dadi
siji kanthi nambahi Aksara y
TULADHA :
1. dupyarsa = dupi dan arsa.
2. kapyarsa = kapireng dan
arsa.
3. kalyan = kalih dan lan.
4. Tembung Garba Warga Ha
Tembung loro sing digabung dadi
siji kanthi nambahi sawetara Aksara
TULADHA :
1. aneng = ana dan ing.
2. kalokeng = kaloka dan
ing.
3. lebdheng = lebdha dan
ing.
29. 4. Sandi Asma
Jenenge pangarang ,
pangripta, utawa pujangga
kang diwedharake kang
satemene kang dipilah-pilah
adhapur wanda - wanda
utawa aksara - aksara
Nyawaku mijil saka kendali
Lastri sing kebak donga rintih
Jenggala iki ndadekne ulun wicaksana
Kawula esti nggarai cita-cita
Aneng zaman iki kudu mlayu cepet nang
garis finish
Amba kesel njalani kahuripan iki
Cita-cita yan bakal tak tutup ing peti
mati
Banjur maya kanggo mungkasi
26
Tuladhane :
Asma : Millati Zakiyya
30. 5. Sandi Karsa
ukara kang
diwedharake kang
satemene kang
dipilah-pilah
adhapur huruf.
Sandi iki digawe
medharake cipta,
gagasan, utawa
kekarepan.
Tuladhane :
Dimen lebdeng kawruh Ing
pakaryan mrih trengginas
Nalar mulur rinengga ambeg
berbudi
Anjrah mring para siswa
Pepinginan kang samya kae
Esthining tyas maujud Naning
mulya
Dina dina kepungkur Iku dadi
landhasaneki
Dina kang bakal teka Ing
pangangkah tumus
Kita bangsa Indonesia
Anemahi jaman Nyrambahi
Nuwsantara
27