2. Ragam Basa Lisan
Ragam basa lisan yaiku basa kag diandharake
media lisan, kang ana gegayutane karo kahanan
lan wayah.
Basa lisan luwih ekspresif, mimik, intonasi, solah
bawa bisa kacampur dadi siji kanggo nyengkuyung
wicara kang ditindakake.
3. Ciri-ciri Ragam Basa Lisan
1. Langsung
2. Ora kaiket dening ejaan ananging kaiket dening
kahanan nalika wicara
3. Ora efektif, abang-abang lambe
4. Ukara sing ora genep
5. Lagune ukara kudu situasional
4. Karakteristik basa lisan
Ukara basa lisan akeh sing kurang terstruktur
ketimbang basa tulis
Basa lisan umume berstruktur topik komentar
Jarang migunakake ukara pasif
Pamicara bisa njaring ekspresi lawan wicarane
Pamicara asring baleni wujud ukara
5. Drama/Sandiwara
Tembung drama utawa sandiwara asale saka
tembung Yunani kang nduweni teges sawijining
aksi utawa solah bawa, utawa cerita kang
dipentasake dening paraga.
Tembung sandi duweni teges rahasia lan wara
nduweni teges panggulawentah
6. Jenis drama/sandiwara
Drama tradisional (klasik), yaiku drama khayalan
kang lumrahe nyeritakake ngenani kasektene salah
sawijining wong.
Drama modern, yaiku drama kang duweni
tujuwan panggulangwentah (pendidikan) tumrap
masyarakat lan duweni tema panguripane manungsa
ing saben dina.
7. Bab-bab kang kudu digatekake nalika maca teks
drama
Saben tembung kudu dilafalake kanti cetha
Nggatekake tembung-tembung kang kudu dilafalake
banter utawa lirih
Intonasi utawa wirama kudu trep
Tempo utawa cepet alone micara kudu trep
Nuduhake mimik utawa ekspresi lan solah bawane
kudu trep karo watak paraga kang diparagakake
Watak paraga kudu katon sajroning antarane paraga
9. Unggah-ungguh Basa
1. Basa Ngoko Lugu
Basa ngoko lugu ing aranan uga basa ngoko
wantah yaiku basa sing tembung-tembunge
sajroning ukara migunakake tembung ngoko
kabeh, tanpa kecampuran tembung krama utawa
krama inggil.
Titikane:
Tembung-tembunge ngoko kabeh
Ater-ater lan panambang ora dikramakake
Kanggone:
Guneme bocah padha bocah (sapantaran)
Guneme bapak ibu/ wong tuwa marang bocah/
anake
Guneme guru marang murid
10. Guneme wong tuwa marang wong enom
Guneme juragan uga anak-anake marang rewange
Guneme wong ngunandika (grenengan)
Bocah cilik sing urung bisa guneman cetha
11. 2. Basa Ngoko Alus
Basa ngoko alus ing aranan uga bisa diarani basa ngoko
andhap, yaiku basa kang tetembungane ngoko, nanging
kecampur tembung krama inggil, tumrap sing diajak
guneman (wong kang kapindho) utawa wong sing
digunem (wong katelu). Dene ater-ater lan panambange
tetep ngoko lan ora dikramakake.
Titikane:
Tembunge ngoko, nanging kecampur tembung krama
inggil
Kang dikramakake inggil yaiku tembung kang
ngandhakake: perangane awak, sandhangan sarta
kriyane (wong sing diajak guneman utawa wong sing
digunem)
Ater-ater lan panambange ngoko/ora dikramakake
Tembung aku tetep dadi aku
Tembung kowe owah dadi panjenengan utawa sliramu
12. Kanggone:
Wong tuwa marang wong enom kang duwe
kalungguhan dhuwur
Sapadha-padha umur utawa penggawane, kang
padha dene ngajeni
Wong tuwa marang wong enom, kang wis suwe ora
tau ketemu
Priyayi marang priyayi kang wis kulina banget
13. 3. Basa Krama Lugu
Basa krama lugu ing aranan uga basa Krama Madya
yaiku basa sing tembung-tembunge ing sajrone
ukara migunakake tembung krama kabeh, tanpa
kecampuran krama inggil.
Titikane:
Tembung-tembunge krama ora kecampur krama
inggil
Ater-ater lan panambang dikramakake
Tembung ku owah dadi kula
Tembung kowe owah dadi sampeyan
14. Kanggone:
Guneme kanca padha kanca sing durung kulina
Guneme wong tuwa marang wong enom sing
durung kulina
Guneme wong marang tepangan anyar (ing pasar,
terminal, lsp)
Guneme tenaga kasar marang juragane
Guneme batur marang juragane
15. 4. Basa krama alus ing aran uga basa krama inggil,
yaiku basa sing tembung-tembunge ing sajroning
ukara migunakake tembung krama lan
kacampuran krama inggil.
Titikane:
Tembung-tembunge krama kecampur krama inggil
Ater-ater lan panambang dikramakake
Tembung ku owah dadi kula
Tembung kowe owah dadi panjenengan
Kang dikramakake inggil: perangane awak,
sandhangan, lan kriyane wong sing diajak
guneman lan wong sing digunem.
16. Kanggone:
Guneme anak marang wong tuwane
Guneme abdi/rewang juragane
Guneme andhahan marang dhedhuwurane
Guneme wong kaprenah enom marang wong
kaprenah tuwa