Dokumen tersebut membahas tentang berbagai upacara adat dalam masyarakat Jawa, mulai dari upacara untuk bayi seperti ari-ari, brokohan, hingga upacara untuk remaja seperti sunatan dan tetesan. Juga dibahas tentang berbagai tahapan upacara pernikahan seperti lamaran, siraman, ijab qobul, hingga tradisi setelah pernikahan seperti sinduran dan pupukan.
3. PANGERTEN
Tata upacara kang wis dumadi ing masyarakat Jawa gegayutan
karo daur hidup manusia / life-cycle. Saka kandhungan, lairan, bocah-
bocah, remaja, dewasa, tuwa tumekaning pati. Saben waktu sing dialami
manungsa iku mau dianakke upacara pamrihe kanggo tolak balak
nyuwun kaslametan marang ngarsaning pangeran.
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
JINISING
5. Pengetan 1 wulan bayi ana ing
njero weteng Ibu, tujuane kanggo
keselametan lan kesehatan bayi.
Sesaji arupa bubur sungsum
dicampur gula santen.
Sewulan
Rong Wulan lan Telung
Wulan
Sesaji arupa sega tumpeng,
gudhangan, jenang abang, jenang putih,
lan jenang abang putih.
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
6. Ana sing ngarani ngupati.
Sesajine aupa nasi kuning kanthi lawuh
daging sapi/kebo, ubarampene: ketupat
sinta, jago, sida lunguh, lan luar
Patang Sasi
Limang Wulan
Sesajine sega tumpeng, sega
wuduk alan asahan, enten-enten lan uler-
uleran.
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
7. Diarani mitoni utawa tingkeban.
Upacara mitoni iki ana loro jinise yaiku
upacara kenduri/kendhuren lan siraman.
Upacara tingkeban diadani ing dina Rebo
apa Setu sadurunge wulan purnama
tanggale ganjil, bisa 1, 3, 5, 7, 9, 11, lan 13.
Sesaji ing kendhuren padha karo
ubarampe nglimani, mung wae ditambah:
apem kocor, jenang abang, sega tumpeng
pitu karo gudhangan, ketan manca warna
Pitung Sasi
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
9. Tata carane ari-ari dikumbah nganti resik
dilebokake ning kendhi utawa bathok kelapa. Alas
kendhi diwenehi godhong senthe banjur kendhine
ditutup nganggo lemper sing isih anyar lan
dibungkus kain mori. Kendhi banjur digendhong,
dipayungi, digawa ning papan penguburan. Papan
penguburan kudu ning sisih tengen lawang omah.
Sing mendhem kudu bapak kandung.
Diwenehi lampu (umume sentir) kanggo
penerangan, iki dadi simbol "pepadhang" kanggo
bayi. Senthir iki dinyalakake nganti 35 dina
(selapan).
Mendhem Ari - Ari
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
10. Slametan kang diadani nalika si
Ibu mentas wae nglairke ponang jabang
bayi. Slametan iku ancase kanggo
byawara marang tangga teparo menawa
bayi mau lair kanthi slamet.
Sesajen sing disiapke yaiku : Sega
asahan, pecel ayam, jangan menir, lan
gudhangan.
Brokohan
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
11. Upacara adat jawa wektu umur
bayi 5 dina. Umume diselenggaraake
sederhana ning yen bebarengan karo
aweh jeneng bayi, upacara iki
diselenggaraake radha meriah. Tembung
sepasaran dhewe asale sake tembung
sepasar.
Biasane diselenggaraake sore
nganggo acara kenduren lan ngundang
sedulur uga tangga umah.suguhan sing
disajiake umume wedang lan jajanan
pasar ning uga ana besek sing umum
kanggo ditentengan mulih.
Sepasaran
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
12. Puputan yaiku pedhote tali puser
si ponang jabang bayi. Nindakaken
puputan menika kangge panyuwunan
keslametanipun bayi.
Ubarampe kangge nyuguhaken
tamu wonten beras kaliyan lauk pauk.
Menawi kangge acara puputan piyambak
wonten kembang, godhong tawa, bubur
abang lan putih, toya, gunting, lenga
wangi.
Puputan
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
13. Aqiqah inggih punika mbeleh
wedhus wonten ing dinten kapitu saking
dinten klairanipun bayi, minangka raos
syukur dhumateng Gusti Allah SWT.
Ananging ugi wonten ingkang
paring pangertosan menawi aqiqah
punika nugel rikma ingkang wonten ing
mustakanipun bayi ingkang nembe lahir.
Kangge bayi ingkang putra
dibelehake wedhus kalih, manawi bayi
ingkang putri wedhus setunggal. Aqiqah
lumrahe sisan wenehi jeneng bayi.
Aqiqah
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
14. Selapanan diadani nalika bayi
umur 35 dina.
Wondene sesajene : sega tumpeng,
gudhangan, endhog godhog, jenang
abang, jenang putih, jenang abang-putih,
palang lan baro-baro, jajan pasar, lan
inthuk-inthuk yaiku tumpeng cilik sing
didelehke ing njero bathok klapa
dijangkepi karo endhog godhog sing
pucuke dicublesi brambang lan Lombok
abang.
Selapanan
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
15. Tedhak siten diadani nalika anak umur
7 sasi utawa 6 lapan. Tedhak siten tegesipun
upacara mudhun lemah sing pisanan tumrap
bocah.
Tata carane :
1. Bocah dibimbing ngidak pitung macem jadah
2. Bocah dibimbing munggah andha tebu
3. Bocah dilebokke kurungan sing isine maneka
warna dolanan
4. Bocah diadusi nganggo kembang setaman
sing ana ing pengaron banjur di klambeni
Tedhak Siten
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
16. Kanggo nylameti bocah nalika
anak wis ora nyusu marang ibune. Bocah
disapih nalika umur rong taun lan
dijumbuhke karo wetone/dina laire
bocah iku.
Sara kang digunakake ing upacaa
nyapih yaiku: kupat sing diiris tengahe
diwenehi abon, katul, kembang boreh,
tumpeng cilik, godhong jati, ting sing
diwenehake ing ngisor dhipan, minyak
klapa, endhog pitik, godhong gedhang
sing disuwek banjur ditaleni.
Nyapih
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
17. Sunatan utawa tetak iku minangka
pratandha owah-owahan saka mangsa
bocah nuju remaja.
Tetakan tumrap masyarakat Jawa
diyakini minangka wektu sing ndrawasi
sebab ing kono anak ngalami owah-
owahan genetic, sipat, saka bocah nuju
remaja sing kebak sesiku/gangguan ghaib
sing kudu disingkerake.
Sunatan
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
18. Tetakan tumrap bocah wadon ing
masyarakat Jawa diarani tetesan.
Tata upacara tetesan yaiku bocah
dipangku wong tuwane banjur dhukun
tetak miwiti netaki.
Ubarampe upacara: nyameptakake sega
golong, ingkung, jenang abang putih,
jenang baro-baro, jajan pasar, sega
ambengan, lan kembang telon.
Tetesan
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
20. Upacara lamaran iku upacara
kanggo nrima kaluarga calon penganten
kakung neng daleme calon penganten
putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtua
utawa kaluarga manten putri setuju yen
putrine didadeake pasangan urip calon
penganten kakung.
Neng acara lamaran iki biasane
sekalian kanggo nento'ake dina utawa
tanggal penyelenggaraan rangkeyan
upacara lanjutane, utamane tanggal pesta
penganten.
Lamaran
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
21. Acara siraman iku sejati upacara
perlambang kanggo ngresi'ake jiwa calon
penganten. Upacara iki diselenggaraake
sedina sedurung ijab kabul lan dilako'ake
neng umah masing-masing calon manten,
umume neng bagian umah sing radha
terbuka kaya neng halaman mburi umah
utawa neng taman ngarepan umah. Sing
nyiram pertama biasane wong tua calon
manten banjur sedulur liyane uga
pemaes.
Siraman
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
22. Tembung midodareni asale saka
widodari utawa bidadari. Acara iki ngandung
makna yen mbengi sakdurunge acara
pengantenan para widadari mudhun saka
suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo
pralambang yen sesuk neng acara utama,
penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Penganten putri ora metu saka kamar
wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan
dikancani dening sedulur-sedulur putrine
sing sinambi aweh nasihat.
Midodareni
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
23. Disebut ugo "asok tukon" yaiku
pihak kakung nyerahake uba rampe lan
biaya sing bakal kanggo ngleksanakake
pesta pengantenan. Contone uba rampe
iku beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan
liyo-liyane. Sakliyane iku sing paling
penting ono ing papasrahan yaiku duwit
sing tumprape pihak estri bakal dienggo
mbiayai pas acara pesta penganten.
Srah - Srahan
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
24. Akad nikah ingkang acara penting
yaiku nglibatake kabeh pengurus KUA
kanggo nglegalisir perkawinan ing
adepane agama, Negara lan hukum. Calon
penganten di jupuk sumpah ing adepane
penghulu lan disaksikna wali saka
keluargane dewek-dewek. Sak uwise
dados penganten ingkang sah.
Ijab Qobul
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
25. Sak rampunge acara ijab kabul
(akad nikah) dileksanakake acara
Panggih, ing acara iki kembang mayang
digowo metu seko omah lan di delehake
neng prapatan cedak omah sing tujuanne
kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku
penganten putri ketemu (panggih) karo
penganten kakung sak perlu nerusake
upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk,
Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar
klimah, Mertui lan Sungkeman.
Panggih
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
26. Balang Suruh
Wiji Dadi
Penganten kakung ngidak endog
pitik nganti pecah, banjur penganten putri
ngmbah/ngresiki sikil/ampeyane
penganten kakung nganggo banyu
kembang. Upacara iki minongko
perlambang sawijining kepala keluarga
sing tanggung jawab mring keluarga.
Upacara balang suruh minongko
perlambang sih katresnan lan kasetian ing
antarane penganten kakung lan putri.
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
27. Lumampah alon-alon kanthi nyampirake
kain sindur, minongko tondho
pinanganten sak kloron wis tinompo dadi
kulowargo.
Sinduran
Pupukan
Ibu/Bapak penganten putri
ngusap-usap sirah/mustaka mantu
kakung minongko tondho ikhlas nompo
dadi bageane kulawargo.
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
28. Pinanganten sak kloron lungguh
neng pangkonane Bapake penganten
putri, minongko perlambang sih
katresnane wong tuwo marang anak lan
mantu soho besan.
Timbang
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
29. Kacar-kucur wujud dhuwit logam,
beras lan uborampe liyane sing di
kucurke ono pangkonane penganten putri
minongko perlambang paweh nafkah.
Kacar - Kucur
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
30. Penganten sak kloron dahar
dulang-dulangan minongko perlambang
pinanganten sak kloron arep urip susah
lan seneng kanthi bebarengan.
Dahar Klimah
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
31. Wong tuwane penganten putri
methuk wong tuwane penganten kakung
neng ngarep omah lan bebarengan tindak
neng acara resepsi.
Mertui
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
32. Pinanganten sak kloron sungkem
nyuwun pangestu marang wong tuwa.
Sungkeman
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
33. Kenduren utawa kenduri iku dadi
puncak acara pengantenan, uga kadang
diarani resepsi utawa walimahan.
Sejatine kagiatan iki nduwe makna
upacara selametan, selamet merga inti
acarane yaiku ijab kabul wis rampung
diselenggaraake. Neng acara iki, pasangan
penganten nerima ucapan selamat saka
kerabat, kanca uga kabeh sing hadir neng
acara iki.
Resepsi
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
35. Pelayat kang padha teka umume
terus ngadhem-adhemi sing ditinggal
mati.
Tatacarane layat uga nggon-
nggonan. Ing saweneh papan, sing layat
lebar salam-salaman nuli mulih sambi
wijik ing baki kang wis sumadya.
Baki mau isi banyu kang diwenehi
godhong dhadhap serep.
Layatan
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
36. Tata cara pengrukti jenazah :
1. Ngedusi
2. Nata (ngafani)
3. Ndongakke (sholat jenazah)
4. Pakurmatan pungkasan
5. Pembudhaling layon menyang kuburan
Pengrukti Jenazah
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
37. Upacara pambudhaling layon sing
wigati yaiku susuba, tlusuban, utawa
brobosan.
Carane, cukup kanthi nlusup sak
ngisore layon kang wis dipikul utawa
digotong, kawitan seka arah sikil kiwa,
nengen, njur mubeng bunder ing sikil.
Tujuane upacara brobosan iki kanggo
nuduhake symbol sikap mikul dhuwur
mendhem jero marang sing mati
Pambudhaling Layon
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM
38. Slametan sing diayahi sawise
pambidhaling layon :
1. Geblag (ngesur tanah)
2. Nekung dina
3. Mitung dina
4. Matang puluh dina
5. Nyatus dina
6. Mendhak pindho
7. Nyewu
Sawise nyewu, ana sing isih
nylameti kanthi sebutak khaul saben taun
sepisan.
Pengetan/Slametan
JINISING URUTANING
SMA Negeri 6 Yogyakarta -DBM