2. Halaman Judul
Daftar Isi
Pangerten Tembang Macapat
Filosofi Tembang Macapat
Ancase Tembang Macapat
Paugerane Tembang Macapat
Tabel Guru Gatra, Guru
Wilangan, lan Guru Lagu
Unsur Kebahasaan
Tembang Macapat
Daftar Isi
i
ii
1
2
7
8
9
ii
10
3. Tembang utawa sekar
yaiku rumpamakan basa
kanthi paugeran tartamtu
kang pangucapane kudu
nggunakake kagunan
swara.
Pangerten
Tembang Macapat
Tembang Macapat (Tembang
Cilik) yaiku syair utawa
geguritan tradisional Jawa
sing nduweni makna
tartamtu.
1
4. Filosofi
Tembang Macapat
”macapat“ yaiku tembang cekak
kang dikarang dening para wali lan
pujangga. Macapat ngemot isi
piwulang lan dirangkum ing 11 bab.
Umume macapat ditegesi “maca
papat-papat”, yaiku cara maca
ukara kang raket saben parang
gatra. Nanging, ora mung iki
makna utawa interpretasi saka
macapat. wong jawa ngerti
“macapat” minangka “kawruh”
utawa filsafat jawa. lan isine akeh
makna sing digawe ati.
Macapat asring dipuntegesi
minangka pados jati diri
manungsa, ingkang dipun
ubengi dening 4 karep ing
donya. Secara tradisional
macapat nduweni 15 aturan,
nanging umume macapat mung
duweni 11 pola mentrum. Dene
tembang macapat 11 iku
mujudake lelampahaning
manungsa kang suci wiwit lair
nganti ngadhep gusti kang maha
kuasa.
2
5. Maskumambang
Mijil
Sinom
Maskumambang nyritakake kahanane
manungsa nalika isih ana ing alam roh
kang banjur ditanem ing guwa garba ibu. Ing
fase menika, para leluhur masyarakat jawi
saha para waliyullah nindakaken upacara
“selamat” kanthi donga, supados jabang
bayi ingkang kandung kemawon saged
sehat saha paring pangajeng-ajeng tiyang
sepuh kekalihipun nalika lair mengko.
Lajeng wonten proses lairipun manungsa
ingiang dipunwastani “mijil” ing etimologi
tembung tegesipun lairipun bayi ingkang
asmanipun manungsa. Anane manungsa
ing jagad iki dibarengi karo 2 perkara sing
kosok balene. Kanggo wong tuwo, eseman lan
tawa seneng ngiringi anane bocah ing donya,
dene kanggo bocah ana ing donya
ditandhani karo tangisane sing pepisanan.
Ing umur bocah, manungsa wiwit sinau
kanggo adaptasi lan tuwuh kanthi
lumakune wektu lan urip. Proses iki diarani
“Sinom”. Sinom tegese gegambaran pemudha.
Pemuda ayu, kebak pangarep-arep lan impen.
Dolanan lan nongkrong karo kanca-kanca
uga nuwuhake kabisan likiran lan ati supaya
bisa nduweni kekarepan
utawa pangarep-arep.
3
6. Kinanthi
Asmarandhana
Gambuh
Tahap “Kinanthi” nyritakake bebagan
periode mbentuk karakter manungsa lan
mlaku ing dalan menyang tujuan, mlebu
sekolah lan ngerti urip ing njaba omah
minangka kegiyatan individu. “Kinanthi”
asale saka tembung “kanthi“ utawa
tuntutan, tegese kita butuh tuntunan
utawa dalan kang bener supaya cita-cita
kita bisa kawujud.
Tahap iki mujudake imajinasi logika lan
perasaan kang kacetha ing cerkak
asmorondhono. Asmara tegese
katresnan. Ing fase iki dinamika
panguripan sansaya nyata lan kompleks,
butuh perjuangan kanggo ngalahake ego
dhewe saengga kebentuk kesepakatan
sing diarani toleransi, gotong royong
nampa kekurangan saben individu.
Sawise urip bebarengan digayuh kanggo
pasangan, 2 manungsa sing nyoba
ngatur ego dhewe-dhewe mlebu fase sing
diarani “gambuh”. Tegese tembung
gambuh yailu jumbuh utawa manunggal.
Fase menika ngandharaken bebagan
prasetnya ing bebrayan kanggo
manunggalaken katresnan ing satunggal
rumah tangga.
4
7. Dhandanggula
Durma
Pangkur
5
Sawise fase gambuh, ana fase
kang diarani “dhandanggula”
yaiku fase urip kang wis tekan
tataran kestabilan lan
kemakmuran sosial, cukup
sandhang, papan lan pangan.
Tahap sabanjure diarani “Dhurma”.
Durma asale saka tembung dharma.
Fase iki nggambarake yen wong
kudu nindakake sedekah lan
nuduhake marang wong liya. Fase
“dhurma” negesi jiwa tulung-tinulung
lan tresna-tintrsan marang
manungsa liya.
Pangkur utawa mangkur nduweni
teges nyingkirake hawa nepsu kang
ngrusak jiwane manungsa. Ing fase
iki wong jawa diwulangake dening
para leluhure apa kang diarani
prihatin lan lelaku prihatin tegese
nyuda rasa nesu.
8. Megatruh
Pocung
6
Megatruh utawi megat roh tegesipun
misahaken jiwa saking raga kita,
uculipun roh utawi nyawa tumuju ing
kalanggengan. mula fase iki nyritakake
bab pati manungsa, fase pisanipun jiwa
kaliyan raga, proses megatruh
manungsa asring dipunaharaken wonten
ing pangesangan saben dintenipun
manungsa meningka.
Pucung yaiku awak manungsa sing
dibungkus nganggo kain putih. fase iki
nyritakake babagan awak manungsa
sing mung ninggalake awak sing
dibungkus kain kafan nalika dikubur
ing papan istirahat sing langgeng.
Sakwise pisah roh karo raga, roh
balik marang sing maha kuwasa.
9. Tembang macapat nduweni ancas
nuntun perjalanane manungsa saka
cilik kanthi seda supaya nduweni
kahuripan sing bener lan tentrem.
Sajroning tembang macapat, nduweni
pitutur, petunjuk, lan piwulanging urip
kang akeh banget, kayata norma-
norma islami, pitutur para prajurit,
generasi mudha kang utama, kritik
sosial, teka-teki, guyonan, lan hiburan.
Ancase
Tembang Macapat
7
10. GURU GATRA
Guru gatra yaiku akehe gatra (baris) saben sapada
(bait) tembang.
GURU WILANGAN
Guru wilangan yaiku akehe wanda (suku kata) ing
saben gatra (baris) tembang.
GURU LAGU
Guru lagu yaiku dhong-dhinge / tibane swara ing
saben pungkasane gatra.
Paugerane
Tembang Macapat
8
13. Tembung Kawi
Tembung kawi yaiku tembung-tembung
sing asale teka basa Jawa Tengahan / Jawa
Kuna. Tembung iki biasane digunakake
kanggo omongan sabendina, mula saiki
wis arang keprungu
Tuladha:
Atma = Anak
Dasa = Sepuluh
Kalpa = Kaya
11
14. Tembung Dasanama
Tembung dasanama asale saka tembung
‘dasan’ ateges sepuluh, ‘nama’ ateges jeneng
utawa aran. Dasanama yaiku jenenge utawa
aran siji nduweni jeneng utawa aran nganti
sepuluh (utawa luwih) kang padha utawa
padha tegese.
Tuladha:
Alus =
mrêdu, wrêdu,
mardawa, wèdi,
widigda, sudha,
tanu.
Banyu =
we, tirta, warih, har,
sindu, wayi, tuban, hèr,
amêrta, arjuna, udaka,
sangara, jala, jahni,
jahnawi, jahning.
Gludhug =
grah, guntur,
gumuruh, gêrah,
guruh, gurnita,
gurnang, gêtuk, gêtêr,
patêr, goragra, bituk.
12
15. Tembung Garba
Tembung kawi yaiku tembung kang
kedadeyan saka gandhenge tembung loro
utawa lebih, kanggo nyepetake lafal lan
nulis
Tuladha:
Narpendah =
Narpa + Endah
Sugyarta =
Sugih + Arta
Prapteng =
Prapta + Ing
13
16. am semesta sanget-sanget endah bagi amba
astri utawi siyang, alam tansah ketingal endah
Kar a Tuhan ingkang maha esa
ta yuta langkung, karya ingkang piyambakipun damel
ga lan jiwaku ngrasa remen lan nyaman
ri iki tentrem ngrasakake hembusan samirana
en pengin alam tetep narpendah
wake dhewe kabeh ora oleh ngrusak alam
anging awake dhewe kudu njaga alam
ki kabeh demi kenyamanan awake dhewe kabeh
Sandi Asma
Sandi Asma yaiku jenenge pangarang,
pangripta, utawa pujangga kang diwedharake
kang satemene kang dipilah-pilah adhapur
wanda-wanda utawa aksara-aksara.
Tuladha:
Sandi Asma =
Allysa Radhiyani
Al
L
y
Sa
Ra
Dhi
Y
A
N
I
14
17. imen lebdeng kawruh
ng pakaryan mrih trengginas
alar mulur rinengga ambeg berbudi
njrah meing para siswa.
epinginan kang samga kae
sthining tyas maujud
anging mulya
ina dina kepungkur
ku dadi landhasaneki
ina kang bakal teka
ng pangangkah tumus
ita bangsa Indonesia
nemahi jaman
yrambahi nuwsantara
Sandi Karsa
Sandi karsa yaiku ukara kang diwedharake
kang satemene kang dipilah-pilah adhapur
huruf. Sandi iki digawe medharake cipta,
gagasan, utawa kekarepan
Tuladha:
Sandi Karsa =
Dina Pendidikan
D
I
N
A
P
E
N
D
I
D
I
K
A
N
15