PIWULANG 1
PRASTAWA
Prastawa kuwi pada karo peristiwa sing narik kawigaten
Tuladhane : kobongan, kebanjiran,gempa bumi,gunung jebluk,
perampokan, lan sakpiturute
Kedadeyan sing kaya mangkono ora bisa di kiro-kiro kapan tekane
lan sepiro gedhene. Mula kita kabeh kudu waspada.
Waspada tegese kudu njaga lingkungan kanthi becik. Njaga papan
panggonan dhewe-dhwe kanthi lanthiping pamawas
Anane prastawa kudu iso dijupuk hikmane kanggo pengiling urip
Piwulang 2
Maca Bathin
Beda karo maca tekhnik.
Maca bathin kuwi luwih dhisikake pemahaman
utawa pangerten kanggo ngerteni isine wacan.
Teknik maca bathin digunakaake kanggo nglatih
daya pangeling-eling lan daya panangkepe
pikiran bab informasi sing diwaca.
Maca bathin ora nganggo swara, mung
ngandelake mripat lan pikiran, tangane utawa
drijine ora entuk nudingi, sirah uga ora oleh obah
melu arahe wacan
Piwulang 3
Nulis topik karangan
Cara gawe karangan :
1. kudu duwe topik sing arep digawe karangan
2. topike kudu podo karo undherane bab sing arep di
crito
Nyunting karangan =tegese dicermati banjur sing ora
apik didandani,sing kakehan di buwang, yen ana sing
kurang di tambahi
Maca karangan kudu :
1.pacopan sing cetha
2.intonasi swara , panjng pendek e kudu cetho lan
trep
Gladen !
Wacana wacananbab Gunung Gamping
kaca 41-42 , lan kerjakke gladen kaca
43 no 1-5 ing buku paket mu !