O slideshow foi denunciado.
Seu SlideShare está sendo baixado. ×
Anúncio
Anúncio
Anúncio
Anúncio
Anúncio
Anúncio
Anúncio
Anúncio
Anúncio
Anúncio
Anúncio
Anúncio
Próximos SlideShares
K tokt18
K tokt18
Carregando em…3
×

Confira estes a seguir

1 de 3 Anúncio

Mais Conteúdo rRelacionado

Quem viu também gostou (20)

Mais de IAIN syekh Nurjati Cirebon (15)

Anúncio

Sungkeman

  1. 1. Pesenne wong tua Nang …… nok memang wis suwe sira nimba ilmu ning kene lan sekien waktune sira ngamalaken apa sing wis tek sampeaken mong sira lan waktune sira kanggo nerusaken meng jenjang kang saduwure sebab wajibe wong luru ilmu iku ora pot sampe kene bae tapi terus sampe sira di cabut nyawane Nang …… nok….? ilmu sing wis disampeaken mong sira iku bakal di tagih ning masyarakat sebab wong lian iku werue sira ana ning kene iku cuman kanggo luru ilmu ora sing sejene. Masyarakat ora bakal peduli senajan ning kene sira sengsara puyeng mikiraken bahan ujian atawa mikiraken masalah kang timbul sabatur. masyarakat cuman weru sira ning kene iku nimba ilmu. Dadi sampeaken apa sing sira olih ning kene sing bener sampeaken bener sing salah sampeaken salah Nang…..nok….? saben-saben barang iku duwe harga, mengkonon uga sira kang dadi menusa iku duwe harga, lan duwur atawa endepe regae sira iku ditentuaken ning ilmue sira sebab menusa iku ora bakal ana gunane kecuali kelawan ilmu kang sempurna. Wong kang ilmune bisa ngalahaken hawa nafsune maka insya Allah wong mau iku bakal larang regane lan gusti Allah bakal ngangkat derajate wong kang duwe ilmu pirang-pirang derajat saking wong liane Nang….. nok,….? kita kang dadi wong tuae sira ning kene due pesen kanggo sira sadurunge sira ninggalaken tempat belajare sira. ning endi bae panggonane ira ana, tulung jagaen iman, akhlak, lan nama baike sekolahan ira kanggo bukti baktine sira maring guru- gurue sira kang wis ngupai ilmu ning sira lan sekolahan kien kang wis dadi tempate sira kanggo nimba ilmu Nang…. Nok…,? sira kudu inget bahwa sira sekolah ning kene iku di bekali kelawan sejadah lan buku. Jagaen sejadahe sira aja sampe bolong-bolong atawa soek pinggire lan jagaen bukue sira aja sampe rapet kenang debu apa maning ilang kentir nang zaman Nang…. Nok….,? saiki iku zamane, zaman globalisasi, zaman kang akeh nipue maring
  2. 2. iman karena zaman saiki iku akeh menusa kang kelalen karo pititure para wali lan kiyai dadi sira kang dadi siswa lan siswi ning daarul fathonah iki kudu bisa ngejaga imanne sira aja sampe goyah kenang globalisasi kang nyeret sira maring kekafiran lan perangkape setan Nang….. nok,…..? ati-ati ning dalan, sebab dalene sira mong arep iku ora cuman sajalur sing ati-ati milih dalan aja sampe sira kesasar maring dalan kang ora bagus akeh dalan kang katone padang lan nyenengaken padahal ning jerone gawe sira sengsara lan bakal nyesel besuk ning akherat, lurua dalan kang bisa nggawa sira maring kesenengan dunia lan akherat. Lan ning dalan iku pasti akeh godaan-godaan sing bakal ganggu perjalanane sira kanggo mencapai apa kang dadi cita-citae sira mulane poma-poma sira kudu ati-ati lan sing bisa milih dalan Nang….. nok,….? ning endi bae anane sira slagine gawe perkara kang bagus donga lan restune kita insya Allah bakal terus ngiringi perjalanane sira nglakoni tuntutan urip ning dunnya lan bekal mbesuk ning yaumil kiyamah. Mangga tangane nadah……. (do’a) Sungkeman
  3. 3. Bapak…. Ibu..,? matur kesuwun kula sampeaken saderenge sampun lami kula nimba ilmu teng riki nimba ilmu teng daarul fathonah. saniki waktue kula bade nerusaken nimba ilmu maring jenjang kang saduwure, janten saniki kula bade nyuwun izin maring bapak lan ibu kangge nerusaken maring jenjang kang selanjute Pa….. bu…? Lamine kula teng riki ingkang niatipun bade nimba ilmu mesti katah tingkah polah lan kelakuan serta ucapan kula ingkang salah lan gawe kecewa atanapi lara maring atine ibu bapa.. sebab mekaten kula nyuwun agungipun pangapunten maring ibu lan bapa Pa….bu..? pelajaran ingkan bapa ibu sukanaken maring kula banget katah tapi katahnipun ilmu ingkang bapa ibu sukani maring kula niku ndadosaken kula lebih haus maring ilmu. Kusabab mekaten ridhonipun bapa lan ibu sanget kula harapaken supados ilmu ingkang bapa ibu sukani maring kula saget bermanfaat kangge diri kula kalian masyarakat Pa…bu..? teng riki kula dibimbing belajar carane urip, nambah batur lan sedulur napaki urip kelawan seneng, sedih, nangis lan gemuyu. Kula mboten saget bales budi baike ibu bapa ingkang sampun ngajar kula kelawan kesabaran lan ketekunan. Kula namung saget dedonga muga-muga amal saenipun ibu bapa saget dibales maring gusti Allah ingkang maha kuasa Pa…bu…? Saderenge kula lunga kangge nerusaken nimba ilmu kula nyuwun nasehat lan wasiat saking bapa lan ibu kangge bekel lan pedoman kula npaki perjalanan urip, sareng kula nyuwun malih pandonga lan restunipun ibu bapa kangge kula nerusaken belajar maring jenjang ingkang selanjute

×