Dokumen tersebut membahas tentang penggunaan bahasa Jawa yang alus dengan menggunakan ragam krama, termasuk contoh-contoh pembicaraan menggunakan bahasa Jawa krama alus.
Topik 4_Eksplorasi Konsep LK Kelompok_Pendidikan Berkelanjutan
Ppt m2 kb4 SANDIWARA, KETHOPRAK, LAN SINEPRAK
1. BASA KRAMA ALUS
DENING:
PROF. DR. SUMARLAM, M.S.
KENFITRIA DIAH W., S.S., M.HUM.
Kementerian Pendidikan Dan Kebudayaan
Kementerian Riset Teknologi Dan Pendidikan Tinggi
2019
4. KASUGIHANING TEMBUNG
Kasugihaning tembung basa Jawa iku mung winates ing tembung-tembung iku
kalebu tembung basa Jawa ragam apa. Apa ragam ngoko, ragam madya, utawa
ragam krama, apa ragam liyane. Ing kene sing dikarepake tembung ngoko iku
komplite yaiku tembung basa Jawa ragam ngoko, tembung madya tegese tembung
basa Jawa ragam madya, tembung krama tegese tembung basa Jawa ragam krama,
lan sateruse. Kanggo ngirit tembung lan supaya luwih praktis banjur disingkat wae
dadi tembung ngoko, tembung madya, tembung krama, lan sateruse.
6. TITIKANE TEMBUNG KRAMA ALUS
• Basa Jawa krama alus iku basa Jawa sing kawangun saka tembung krama kabeh
banjur ditambah tembung krama andhap lan/utawa tembung krama inggil.
• Kabeh tembung ngoko diganti nganggo tembung krama, tembung krama
andhap, utawa tembung krama inggil, gumantung sapa sing micara lan mitra
wicarane.
• Imbuhan ngoko di-, -ake, lan -e diganti nganggo imbuhan krama dipun-, -aken,
lan –ipun, wondene imbuhan liyane tetep.
• Klitik dak- lan –ku diganti dadi kula, dene klitik kok- lan –mu diganti dadi
panjenengan.
• Tembung netral ora owah.
9. Dana : “Bapak, kalawau dalu sare tabuh pinten, ta? Kok kadingaren ngantos tabuh
gangsal nembe wungu.”
Bapak : “Jam 02.00. Lha wong ngrungokake wayang neng RRI, lakone kok apik temen.
Lha kowe turu jam pira?”
Dana : “Menawi kula tilem tabuh 11.00 dalu, bakda ningali bal-balan ana RCTI.
Ngendikanipun Ibu, Bapak badhe tindak dhateng Surabaya, menapa saestu?”
Bapak : “Ya, bener. Apa arep ndherek?”
Dana : “Boten. Kula badhe kesah piyambak dhateng Rawa Pening kaliyan kanca-kanca.”
Bapak : “Lha wis nyuwun sangu ibumu durung?”
Dana : “Sampun, malah diparingi sangu Eyang iki.”
Anak marang wong tuwane
10. Susi : “Sugeng enjing Bu.”
Bu Guru : “Sugeng enjing. Ee, Susi, ana apa Sus?”
Susi : “Inggih Bu Guru, kula badhe matur, bilih dinten iki. Siti boten
mlebet sekolah. Iki serat idinipun Bu.”
Bu Guru : “Lho, lha keneng apa Siti kok ora mlebu sekolah? Apa lara?”
Susi : “Inggih, leres Bu. Siti boten mlebet sekolah amargi sakit.”
Bu Guru : “Lara apa?”
Susi : “Sanjangipun flu lan watuk-watuk, malah wetengipun ugi sakit
sampun loro dinten iki.”
Bu Guru : “O, yaw is, takparingi idin, muga-muga ndang mari, sesuk wis
bali sehat lan bisa mlebu sekolah maneh.”
Susi : “Inggih Bu Guru. Matur nuwun sanget awit paringipun donga
kangge Siti.”
Murid marang gurune
11. Pak Badri : “Nuwun sewu Pak, badhe nyuwun priksa.”
Pak Sukri : “O inggih.”
Pak Badri : “Dalemipun Bu Rintis iki sing pundi nggih?”
Pak Sukri : “Bu Rintis? Bu Rintis iki ana loro. Sing setunggal anggota
DPRD, sing setunggal perias manten.”
Pak Badri : “O anu, Bu Rintis sing anggota DPRD Sala.”
Pak Sukri : “O…, iki Panjenengan teras kemawon mangke wonten prapapat
katuran nengen. Kirang langsung selangkung meter wonten
pratelon mangke menggok ngiwa kirang langkung seket meter.
Dalem wonten tengen margi majeng ngilen.”
Pak Badri : “O inggih, matur nuwun Pak.”
Pak Sukri : “Inggih Pak, sami-sami.”
Kenalan anyar
12. Jarwanto : Badhe tindak pundi, Pak?
Darsono : Anu, badhe dhateng peken.
Jarwanto : Kok piyambakan?
Darsono : Inggih namung badhe dolan-dolan kemawon. Menapa
ingkang rama wonten dalem?
Jarwanto : Wah, nembe kemawon tindak kaliyan ibu.
Darsono : Adhuh…menawi mekaten kula kepancal sepur. Angkah
kula badhe sowan rumiyin saderengipun dhateng peken,
e…malah sampun tindakan.
Jarwanto : Anu kok, bapak tindakan namung sakedhap, namung
ngeteraken ibu dhateng Dhokter Gunawan ing Karangjati,
mangke rak enggal kondur.
Darsono : O…, inggih menawi mekaten, kula sowan mangke sonten
kemawon. Pareng rumiyin.
Jarwanto : Mboten pinarak rumiyin?
Darsono : Mangke kemawon kula sowan malih. Sampun pareng.
Jarwanto : O…, inggih manga ndherekaken.
Wong liya kang luwih tuwa utawa sapadha-padha sing dikurmati
13. KAPUSTAKAN
• Bupati Karanganyar. 2013. PERDA Kabupaten Karanganyar Nomor 2 Tahun 2013, tentang Pelindungan, Pembinaan,
dan Pengembangan Bahasa, Sastra, dan Aksara Jawa.
• Ekowardono, B. Karno, dkk. 1993. Kaidah Penggunaan Ragam Krama Bahasa Jawa. Jakarta: Pusat Pembinaan dan
Pengembangan Bahasa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.
• Kementerian Pengajaran Pendidikan dan Kebudayaan. 1946. Karti Basa.
• Jakarta: Kementerian PP dan K.
• Pemerintah Provinsi Jawa Tengah. 2012. PERDA Provinsi Jawa Tengah Nomor 9 Tahun 2012, tentang Bahasa, Sastra,
dan Aksara Jawa.
• Poedjasoedarma, Soepama. 1979. Tingkat Tutur Bahasa Jawa. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa
Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.
• Sasangka, Sry Satriya Wisnu. 2010. Unggah-ungguh Bahasa Jawa. Jakarta: Yayasan Paramalingua.
• Sudaryanto. 1989. Pemanfaatan Potensi Bahasa. Yogyakarta: Kanisius. Sumarlam. 2009.
• Pembinaan dan Pengembangan Bahasa dan Budaya. Surakarta: Jurusan Sastra Daerah FSSR UNS.
• Sumarlam. 2011. Potret Pemakaian Bahasa Jawa Dewasa Ini serta Pembinaan dan Pengembangannya: Sebuah
Pergeseran Struktur Gramatika dan Tingkat Tutur. Surakarta: Sebelas Maret University Press.
• Sumarlam. 2013. “Temu Dalang Bocah dan Pembinaan, Pengembangan, dan Pelestarian Bahasa, Sastra, dan Budaya
Jawa”. Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan.
• Sumarlam. 2017. “Unggah-ungguh Basa Jawa (Paugerane Ngoko Alus lan Krama Alus)”. Dibentangkan pada Kuliah