1. Ahmad usuludin
2. Danang Eko Saputro
3. Hari Prayogo
4. Sri Wahyu Widayat
1 AGRONOMI 2
SMK N 1 ( STM Pembangunan ) Temanggung
KELOMPOK 7
• Machapat iku tembang tradisional ing tlatah JAWA. Saben bait macapat
nduweni baris sing diarani gatra, lan lan saben gatra nduwe sawetara
guru wilangan tinamtu, lan dipungkasi nganggo uni pungkasan sing
diarani guru lagu.
• Macapat kalebu tembang cilik/alit lan uga tembang tengahan
Aturane – aturan jroning macapat mau antara liya :
Guru gatra : wilangan larik / gatra saben pada ( bait )
Guru wilangan : wilangan wanda ( suku kata ) saben gatra
Guru lagu : tibane swara wanda ing pungkasan ing saben gatra
• macapat sinom yaiku salah sawijining tembang macapat kang manggoni
urutan ke-3 ing macapat.
• Sinom saka tembung sinoman, sinoman yaiku kumpulan bocah – bocah
enom kang ngrewangi wong kang nduwe hajat.
• Ana penemu liya yen sinom ono hubungane saka upacara – upacara
bocah enom jaman biyen
• Ing serat Purwaukara diwenehi arti seskaring rambut kang artine anak
rambut
Sinom, yaiku nggambarake cah enom.
Enom berarti isih bodho, mula ana :
1. Sinom Ginonjing, bocah kang pikirane gampang molah malih, niat lan pikirane
durung stabil.
2. Sinom Kentar, Mulane pikirane gampang molah maleh, anak bisa kentar ( keli ) utawa
gampang kesapu adoh. Lan gampang dipengaruhi amarga isih seneng ambruk -
ambruk gedhang
3. Sinom Grandhel, tembung grandhel tegese gumantung, bocah sing wis kambang
mbutuhake ' gantungan ', isih padha gumantung ing wong tuwa loro lan mbutuhake
panutan
4. Sinom Pangrawit, Rawit ateges alus lan apik, mula saiki bocah enom mundhak akale.
Mula padha nggaya
• Kesimpulan :
• Sinom artine kanoman. Nggambarake mangsa wayah enom, akeh
pangarepan lan angen – angen, lan nggolek ilmu gawe ngawujudake
• Tembang sinom nduweni awatak ethes ( semangat ), prasaja ( bijaksana ),
grapyak ( renyah )
Tembang sinom nduwe 9 gatra yaiku,
8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a
Nuladha laku utama
Tumraping wong tanah Jawi
Wong agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senapati
Kapati amarsudi
Sudaning hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amamangun karyenak tyasing sasama
Ngeksiganda = mataram
Kapati = usaha
Amarsudi = nganggo atine
Brata = nganggo cara
Tanapi = tapa
Ratri = bengi
Amamangun = mbangun
Karyenak = ketentreman
Tyasing = sesama
CAKEPAN :
Nuladhaa prilaku kang apik tumraping wong jawa, wong gedhe saka
mataram yaiku panembahan senopati, panembahan senopati iku nduweni
prilaku kang becik, nganggo usaha lan tekad panembahan senopati bisa
ngendalikake napsune, nganggo cara semedi lan dedonga bengi lan awan,
ngawujudake seneng mbangun ketentreman warga