2. Macapat iku tembang tradhisional ing tanah Jawa. Macapat uga nular ana ing kabudayan Bali, Madura,
lan Sundha. Saben bait macapat nduwèni baris kalimat sing diarani gatra, lan saben gatra nduwé
sawetara guru wilangan (suku kata) tinamtu, lan dipungkasi nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu.
Biasané macapat dimaknani minangka maca papat-papat, yaiku cara maca saben patang wanda (suku
kata). .
PENGERTEN MACAPAT
3. Macapat dikira muncul ing pungkasan jaman Majapahit lan wiwitané pengaruh Walisanga, nanging bab iki
mung kanggo kahanan ing Jawa Tengah. Sebab ing Jawa Wétan lan Bali macapat wis dikenal sadurungé
teka Islam
Puisi tradisional Jawa utawa tembang biasané dipérang dadi telung kategori: tembang cilik, tembang
tengahan lan tembang gedhé. Macapat digolongaké kategori tembang cilik lan uga tembang tengahan,
déné tembang gedhé arupa kakawin utawa puisi tradhisional Jawa Kuna, nanging ing jaman Mataram
Anyar, ora dipatrapaké prabédan antara suku kata dawa lan cendhak. Saliyané kuwi tembang tengahan
uga bisa ngarujuk marang kidung, puisi tradhisional jroning basa Jawa Tengahan.
PENGERTEN MACAPAT
4. Yèn dibandhingaké karo kakawin, aturan-aturan jroning
macapat kuwi béda lan luwih gampang dipatrapaké jroning
basa Jawa Guru wilangan : wilangan
wanda (Indonesia: suku kata)
saben gatra.
Guru gatra : wilangan
larik/gatra saben pada (basa
Indonesia: bait).
Guru lagu : tibané
swara wanda ing pungkasan
ing saben gatra.
5. Tembang Macapat sampun wonten nalika jaman Majapahit, ananging sakalangkung anem saking sekar Tengahan. Sekar
Macapat menika manut Tedjohadisumarto karipta dening Prabu Dewawasesa/ Prabu Banjaransari kala taun Jawi 1191
utawi 1269 masehi.
Antawisipun sekar Macapat kaliyan Tengahan menika meh memper. Paugeranipun meh sami (guru gatra, guru wilangan,
saha guru lagu), ingkang mbedakaken naming basanipun. Sekar Tengahan ngangge basa Jawi tengahan, dene sekar
Macapat ngangge basa Jawi enggal. Ing sekar Tengahan limrahipun cakepan winastan kidung, mila wonten kidung
Durma, kidung Sinom. Cakepan kasebat sinerat wonten ing Kidung Sundayana.
TIMBULIPUN SEKAR MACAPAT
7. WATAK LAN GUNANE TEMBANG
MACAPAT
Nama Sekar Watak Ginanipun
Mijil asih, prihatin, pangajab mulang tiyang ingkang nembe prihatin
Kinanthi seneng, asih, kasmaran mituturi, pratelan tresna, mulang
Sinom ethes, prasaja piwulang, wewarah
Asmaradana. tresna, sedhih, sengsem nggambaraken kakesitan, mulang,
tresna
Dhandhanggula luwes, gumbira, endhah mahyakaken tresna, sedhih nandhang
tresna, mbuka sekar/ srat, mahyaaken
kahanan menapa kemawon cocok
Maskumambang nelangsa, ngeres-ngeresi,
sedhih
mahyakaken raos panalangsa
Durma keras, nepsu, semangat nggambaraken tiyang nepsu, perang
8. Nama Sekar Watak Ginanipun
Pangkur sereng, nepsu, gandrung pitutur radi srengen, gandrung
Pocung sembrana, parikena, lucu cangkriman, crita lucu, guyon
Gambuh sumanak, sumadulur mulang, pitutur
Megatruh prihatin, getun, keduwung,
sedhih
cariyos ingkang sedhih, getun
Balabak sembrana, saenake, lucu guyonan sakepenake, sembrana
Wirangwong Wibawa mahyakaken keagungan, kaendahan,
piwulang
Girisa gagah, wibawa, wanti-wanti piwulang, kasepuhan
WATAK LAN GUNANE TEMBANG
MACAPAT
9. Your Title Here
Gambaraké jabang bayi sing
isih ono kandhutané ibuné, sing
durung kawruhan lanang utawa
wadhon, Mas ateges durung
weruh lanang utawa wadhon,
kumambang ateges uripé
ngambang nyang kandhutané
ibuné
Apan kaya mangkono wewatek neki (12 i)
Sanadyan wong tuwa (6 a)
Yen duwe watek tan becik (8 i)
Miwah tindak tan prayoga (8 a)
1. Maskumambang
GURU GATRA, GURU LAGU LAN GURU WILANGAN TEMBANG MACAPAT
Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka
mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné
urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:
10. Your Title Here
Ateges wis lair lan jelas priya
utawa wanita
Lan dimantep mring panggawe becik (10 i)
Lawan wekas ing ngong (6 o)
Aja kurang, iya panrimané (10 é)
Yen wis tinitah marang Hyang widhi (10 i)
Ing badan puniki (6 i)
Wus pepancen ipun (6 u)
2. Mijil
GURU GATRA, GURU LAGU LAN GURU WILANGAN TEMBANG MACAPAT
Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka
mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné
urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:
11. Your Title Here
Ateges kanoman, minangka
kalodhangan sing paling wigati
kanggoné wong anom supaya
bisa ngangsu kawruh sak akèh-
akèhé.
Nulada laku utama (8 a)
Tumrap ing wong tanah Jawi (8 i)
Wong Agung ing Ngeksi Ganda (8 a)
Panembahan senapati (8 i)
Kepati amarsudi (7 i)
Sudaning hawa lan nepsu (8 u)
Pinesu tapa brata (7 a)
Tanapi ing siyang ratri (8 i)
Amemangun karye naktya sing sasama (12 a)
3. Sinom
GURU GATRA, GURU LAGU LAN GURU WILANGAN TEMBANG MACAPAT
Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka
mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné
urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:
12. Your Title Here
Saka tembung kanthi utawa
tuntun kang ateges dituntun
supaya bisa mlaku ngambah
panguripan ing alam ndonya.
Dadiya laku nireku (8 u)
Cegah dhahar lawan guling (8 i)
Lawan aja sukan sukan (8 a)
Anganggowa sawatawis (8 i)
Ala wateke wong suko(8 o)
Nyuda prayitna ning batin(8i)
4. Kinanthi
GURU GATRA, GURU LAGU LAN GURU WILANGAN TEMBANG MACAPAT
Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka
mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné
urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:
13. Your Title Here
Ateges rasa tresna, tresna
marang liyan (priya lan wanita
lan kosok baliné) kang kabèh
mau wis dadi kodrat Ilahi.
Aja turu soré kaki (8 i)
Ana Déwa nganglang jagad (8 a)
Nyangking bokor kencanané (8 é)
Isine donga tetulak (8 a)
Sandhang kelawan pangan (7 a)
Yaiku bagéyanipun (8 u)
wong melek sabar narima (8 a)
5. Asmarandana
GURU GATRA, GURU LAGU LAN GURU WILANGAN TEMBANG MACAPAT
Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka
mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné
urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:
14. Your Title Here
Saka tembung jumbuh /
sarujuk kang ateges yèn wis
jumbuh / sarujuk njur
digathukaké antarane priya lan
wanita sing padha nduwèni
rasa tresna mau, ing
pangangkah supaya bisaa urip
bebrayan.
Sekar gambuh ping catur (7 u)
Kang cinatur polah kang kalantur (10 u)
Tanpa tutur katula-tula katali (12 u)
Kadaluwarso katutur (8 u)
Kapatuh pan dadi awon (8 o)
6. Gambuh
GURU GATRA, GURU LAGU LAN GURU WILANGAN TEMBANG MACAPAT
Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka
mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné
urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:
15. Your Title Here
Nggambaraké uripé wong kang
lagi seneng-senengé, apa kang
digayuh bisa kasembadan.
Kelakon duwé sisihan /
kulawarga, duwé anak, urip
cukup kanggo sak kulawarga.
Mula kuwi wong kang lagi
bungah / bombong atine, bisa
diarani lagu ndandanggula.
Lamun sira anggeguru kaki (10 i)
Amiliha manungsa kang nyata (10 a)
Ingkang becik martabate (8 é)
Sarta kang wruh ing hukum (7 u)
Kang ngibadah lan kang wirangi (9 i)
Sokur oleh wong tapa (7 a)
Ingkang wus amungkur (6 u)
Tan mikir paweweh ing lyan (8 a)
Iku pantes sira guranana kaki (12 i)
Sartane kawruhana (7 a)
7.Dhandhanggula
GURU GATRA, GURU LAGU LAN GURU WILANGAN TEMBANG MACAPAT
Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka
mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné
urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:
16. Your Title Here
Saka tembung darma/wèwèh.
Wong yen wis rumangsa
kacukupan uripé, banjur tuwuh
rasa welas asih marang kadang
mitra liyané kang lagi
nandhang kacintrakan, mula
banjur tuwuh rasa kepéngin
darma/wèwèh marang sapadha
- padha. Kabèh mau
disengkuyung uga saka
piwulangé agama lan watak
sosialé manungsa.
Wusnya tibeng bentala prabu Rahwana (12 a)
Pancasonane dadi (7 i)
Sirna tatu nira (6 a)
Tung tumpulih sedaya (7 a)
Nepak bau kradha angrik (8 i)
Ndedel ngawiyat (5 a)
Ngusir nanendra peksi (7 i)
8. Durma
GURU GATRA, GURU LAGU LAN GURU WILANGAN TEMBANG MACAPAT
Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka
mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné
urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:
17. Your Title Here
Saka tembung mungkur kang
ateges nyingkiri hawa nepsu
angkara murka. Kang dipikir
tansah kepingin wèwèh marang
sapadha - padha.
Sekar Pangkur kang winarna (8 a)
lelabuhan kang kanggo wong aurip (11 i)
ala lan becik puniku (8 u)
prayoga kawruhana (7 a)
adat waton puniku dipun kadulu (12 u)
miwa ingkang tatakrama (8 a)
den kaesthi siyang ratri (8 i)
9. Pangkur
GURU GATRA, GURU LAGU LAN GURU WILANGAN TEMBANG MACAPAT
Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka
mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné
urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:
18. Your Title Here
Saka tembung megat roh
utawa pegat rohe / nyawane,
awit wis titi wanciné katimbalan
marak sowan mring Sing Maha
Kuwasa.
Na ra kena sinelak selak pineluk (12 u)
Mring kang ngadhang adhang sisip (8 i)
Yen loro anggepi reku (8 u)
Teman kether maring ngening (8 i)
Adoh kae let tan adoh (8 o)
10. Megatruh
GURU GATRA, GURU LAGU LAN GURU WILANGAN TEMBANG MACAPAT
Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka
mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné
urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:
19. Your Title Here
Yen wis dadi layon / mayit
banjur dibungkus mori putih
utawa dipocong sak durungé
dikubur.
Ngelmu iku kelakone kanthi laku (12 u)
Lekase lawan kas (6 a)
Tegese kas nyantosani (8 i)
setya budya pangekesing dur angkara (12 a)
11. Pocung